From Wikipedia, the free encyclopedia
Balkan inggih punika nama sajarah lan nama géografis kanggé nedahaken satunggiling tlatah ing Éropa Kidul-wétan. Tlatah punika wiyaripun antawis 550,000 km² kanthi sing ndunungi kinten-kinten of 55 yuta. Nami saking basa Yunani kanggé tlatah Ujung Balkan inggih punika Ujung Haemus (Χερσόνησος του Αίμου, Chersónisos tou Aímou). Tlatah punika mendhet nama saking Gunung Balkan ingkang mujur saking Bulgaria tengah dumugi tlatah Serbia wétan.
Tlatah Balkan dipunhubungaken déning toya saking tigang sisih, inggih punika: Seganten Cemeng utawi Black Sea ing sisih wétan, lan cabang saking Seganten Mediterania utawi Mediterranean Sea ing sisih kidul lan kilèn (kalebet seganten Adriatik, seganten Ionian, seganten Aegean lan seganten Marmara).
Idhèntitas Balkan dipundominasi déning posisi geografinipun; kanthi historis tlatah punika minangka dalan simpang saking rupi-rupi budaya. Dados pepanggihan antawis Basa Latin lan Basa Yunani rikala jaman Kakaisaran Romawi, dados tujuan mlebetipun bangsa Pagan Slavs, tlatah ingkang dados patemonipun agami Kristen Orthodox lan Katulik, ugi dados titik patemon antawis agami Islam lan Kristen, lan minangka tujuan tumrap pengungsi Yahudi wekdal mangsa Inquisition.
Balkan sapunika dados tlatah ingkang gadhah warni-warni lan bènten-bènten basa etnik, dados papan kanggé basa-basa Basa Slavik, Basa Romawi, lan Basa Turki, ugi Basa Yunani, Basa Albania, lan sanèsipun. Miturut sajarah kathah ètnik sanès kanthi basanipun piyambak-piyambak ingkang dumunung wonten ing tlatah punika, antawisipun:ètnik Celts, Illyrians, Romawi Kuno, Avars, Vlachs, lan rupi-rupi sukubangsa saking Jerman.
Tapel wates lèr Ujung Balkan limrahipun wujud garis ingkang katarik saking Kali Danube, Sava lan Kali Kupa, lan satunggiling segmen ingkang ngubungaken mata air Kali Kupa kaliyan Lempongan Kvarner.
Dhéfinisi sanès bab wates lèr Ujung Balkan sampun dipunusulaken::
Wonten ing sadhéngah nagari Kilèn, nagari-nagari ingkang dipunanggep kalebet Balkan inggih punika:
Sawetawis nagari ingkang kala-kala ugi dipunlebetaken tlatah Balkan:
Negari sanès ingkang boten kalebet Balkan naging caket lan gadhah prabawa ageng dhumateng geopulitik, budaya lan sajarah Balkan antawisipun:
Deleng uga Black Sea Regional organizations
Bangsa-bangsa ingkang dumunung wonten ing Balkan mliginipun:
Agami ingkang kathah dipunanut ing tlatah Balkan inggih punika (Eastern Orthodox lan Katulik) Kristen lan Islam. Eastern Orthodox minangka agami utami ing:
Roman Catholicism minangka agami utami ing:
Islam minangka agami utami ing:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.