Wong Bosnia utawa Bosniak (sajeroning basa asli: Bošnjaci) iku wong-wong Slavia Kidul katurunan saka sapérangan kang ndunungi kang alih agama dadi Islam ing sajeroning mangsa Karajan Ottoman (abad kaping 15 nganti abad kaping 19).

Wong Bosnia dijenengaké miturut jeneng Bosnia, sawijining nagara ing sisih kulon Balkan. Perlu diwigatèkaké yèn wong-wong kang sadurungé diarani Muslim Bosnia iku wong-wong saka suku Bosnia, nanging ora kabèh Muslim ing tlatah Balkan iku saka suku iki; ana uga golongan Muslim Slavia Kidul kaya déné suku Pomak sarta Muslim non-Slavia kaya suku Albania, suku Turki, lan suku Roma.

Nalika iku karan suku Muslim (wiwit taun 1968) kanggo gawé cetha. Sebab jeneng "Muslim" iki tegesé wong saka Bosnia-Herzegovina kang dudu Kroasia utawa Serbia, bebrayan dominan liyané. Amarga wong non Krosia-Serbia iki akèh-akèhé (nanging ora kabèh) nganut agama Islam, mula jenengé banjur dadi "Muslim".

Wong-wong saka suku Bosnia nganggep Bosnia-Herzegovina minangka tanah leluhuré. Mliginé digandhèngaké karo tlatah-tlatah mawa sajarah Krajina Bosnia, Bosnia, Herzegovina, Podrinje lan Sandzak.

Nanging jeneng suku Bosnia iki uga ora uwal saka kontroversi. Akèh wong-wong Kroasia lan Serbia nyatakaké yèn kanthi jeneng mau wong "Muslim" (kaya-kaya) ngeklaim kabèh wewengkon Bosnia-Herzegovina, kamangka pedunubg asli Bosnia ora mung dhèwèké baé.

Ana watara 2,5 yuta wong-wong suku Bosnia ing saindhenging donya. Akèh-akèhé manggon ing Bosnia-Herzegovina (1.800.000). Basa kang dianggo ya iku basa Bosnia.

Uga delengen

  • Sajarah Bosnia-Herzegovina


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.