Perang Enem Dinten
From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Enem Dinten utawi Perang 1967 utawi Perang Juni (Arab:حرب يونيو, ħarb yunio ; Ibrani: מלחמת ששת הימים, Milhemet Sheshet Ha‑Yamim), ugi kawentar kanthi sesulih Perang Arab-Israèl 1967, Perang Arab-Israèl katiga, an‑Naksah ("Kamunduran"), punika perang antawis Israèl lan tetangginipun nagari-nagari Arab inggih punika Mesir, Yordania, lan Suriah. Negari-nagari Irak, Arab Saudi, Kuwait, lan Aljazair ugi ndhèrèk ngintun prajurit lan gaman dhumateng wadyabala Arab.
Perang Enem Dinten | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
![]() Tentara Angkatan Pertahanan Israèl ing Tembok Wétan Yerusalem boten dangu satelasipun sadaya dipun-culaken saking panawanan. | |||||||||
| |||||||||
Péhak kang perang | |||||||||
![]() |
![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() | ||||||||
Pangarep | |||||||||
![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
![]() | ||||||||
Kakuwatan | |||||||||
264.000, 197 pesawat tempur |
280.000 wadyabala ![]() ![]() ![]() ![]() 812 pesawat tempur | ||||||||
Kurban | |||||||||
779 pejah |
21.000 pejah |
Wonten ing wulan Mèi 1967, Mesir ngusir Pasukan Bedhamèn PBB (UNEF) ingkang sampun dipungelar wonten ing Ujung Sinai, wiwit taun 1957 (sakrampungipun serangan Israèl utawi Krisis Suez taun 1956). Minangka réaksi dhumateng kategangan antawis Israèl-Siria, Mesir lajeng nyiapaken 1000 tank lan 100.000 prajurit wonten ing tapel wates, nutup Selat Tiran kanggé kapal-kapal mawi gendéra Israèl lan kapal-kapal ingkang amot material strategis, lan ngajak aksi sesarengan nagari-nagari Arab nglawan Israèl. Wonten ing tanggal 5 Juni 1967, Israèl lajeng ngluncuraken serangan ngrumiyini (pre-emptive) dhumateng Angkatan Udara Mesir, amargi sumelang bilih pikantuk serangan saking Mesir.[1]