Krisis Suèz
From Wikipedia, the free encyclopedia
Krisis Suèz iku siji serangan militèr marang Mesir déning Karajan Manunggal, Prancis lan Israèl ing tanggal 29 Oktober 1956.[1][2] Serangan iki disebabaké déning sawatara kadadéan liyané, kaya ta nasionalisasi Terusan Suèz déning Mesir sawisé munduré wadyabala lan sumbangan Amérikah Sarékat kanggo yasa Bendungan Aswan.[3]