Patin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Patin utawa iwak patin duwé basa latin Pangasius sp. Iwak iki wujud jinis iwak alasan kang okèh tinemu ing kali-kali gedhé lan cilik kususé ing wewengkon tropis ing Asia.[1] Ing indonesia iwak patin bisa katemokaké ing kali-kali gedhé kaya ta kali Batangahari (Jambi), kali Kampar (Riau) lan kali Musi (Palembang).[1] Iwak iki senengé karo banyu kang mili banter. Iwak patin ing alam alasan racaké umpetan ing bolongan-bolongan pinggir kali.[1]
Iwak patin Kalamangsa: Tertiary-Recent | |
---|---|
Patin (jambal) siam Pangasius hypophthalmus | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Siluriformes |
Famili: | Pangasiidae |
Génus: | Pangasius (partim) Valenciennes, 1840 |
Species | |
Pirsani tèks | |
Sinonim | |
|
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan: Pangasius |
Iwak ptin kalebu iwak kang aktif ing wayah wengi lan kalebu iwak demersal utawa iawak kang seneng ana ing ngisor (dasaran kali).[1] Sacara fisik iwak patin duwèni cangkem kang amba kaya iwak demersal liyané kaya ta lélé lan iwak gabus.[1] Iwak patin kerep golèk mangan ing wayah bengi, lan mangané ya iku cacing, urang kali, lan woh-wohan uga.[1] Saka jinisé mangan iwak iki kalebu iwak kang rakus amarga jumlah mangané akèh banget.[1]