From Wikipedia, the free encyclopedia
Patin utawa iwak patin duwé basa latin Pangasius sp. Iwak iki wujud jinis iwak alasan kang okèh tinemu ing kali-kali gedhé lan cilik kususé ing wewengkon tropis ing Asia.[1] Ing indonesia iwak patin bisa katemokaké ing kali-kali gedhé kaya ta kali Batangahari (Jambi), kali Kampar (Riau) lan kali Musi (Palembang).[1] Iwak iki senengé karo banyu kang mili banter. Iwak patin ing alam alasan racaké umpetan ing bolongan-bolongan pinggir kali.[1]
Iwak patin Kalamangsa: Tertiary-Recent | |
---|---|
Patin (jambal) siam Pangasius hypophthalmus | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Siluriformes |
Famili: | Pangasiidae |
Génus: | Pangasius (partim) Valenciennes, 1840 |
Species | |
Pirsani tèks | |
Sinonim | |
|
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan: Pangasius |
Iwak ptin kalebu iwak kang aktif ing wayah wengi lan kalebu iwak demersal utawa iawak kang seneng ana ing ngisor (dasaran kali).[1] Sacara fisik iwak patin duwèni cangkem kang amba kaya iwak demersal liyané kaya ta lélé lan iwak gabus.[1] Iwak patin kerep golèk mangan ing wayah bengi, lan mangané ya iku cacing, urang kali, lan woh-wohan uga.[1] Saka jinisé mangan iwak iki kalebu iwak kang rakus amarga jumlah mangané akèh banget.[1]
Iwak patin wujud jinis iwak konsumsi banyu tawa, awake dawa kanti warna putih pérak kanti geger warnané rodok biru. Iwak patin dikenal minangka komoditi kang prospeke cerah, amrga duwé harga dhuwur.Hal iki kang nyebapake iwak patin éntuk perhatian lan disenengi déning para pengusaha kanggo mbudidayakake. Iwak iki cukup responsif saben diwènèhi pakanan tambahan. Nalika pembudidayaane, sajrone umur enem wulan iwak patin bisa dawa nganti 35–40 cm. minangka kulawarga Pangasidae, iwak iki ora mbutuhake banyu kang mili kanggo gedhekake awake. Ing banyu kang ora mili kanti kandhutan oksigèn kang endek wis bisa memenuhi syarat kanggo gedhekake iwak iki. Iwak patin awak dawa kanggo ukuran iwak tawa lokal, warna putih kaya pérak, geger kanti warna rodok biru. Ndas iwak patin cilik, cangkeme mapan ing ngarep ndas rodok ing ngisor. (wujud ciri khas golongan catfish). Ing sudut cangkeme ana 2 pasang brengos cendek kang fungsine kanggo perab.
Kandutan gizi kang ana ing iwak patin ya iku:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.