![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d3/Buffet_Germany.jpg/640px-Buffet_Germany.jpg&w=640&q=50)
Olahan Jerman
From Wikipedia, the free encyclopedia
Masakan Jerman (Jerman: deutsche Küche) iku pawon utawa masakan saka nagara Jerman. Sanajan mangkono, masakan Jerman iku ndarbèni variasi akèh sajeroning tlatah ing wewengkon nagarané.[1][2] Wewengkon Bayern lan Swabia gadhah tradisi kulinèr ingkang sami kaliyan tangga ing kidul, Switserlan lan Ostenrik. Babi, sapi lan unggas inggih punika daging utami ingkang dipunkonsumsiakén ing Jerman. antawis unggas, pitik inggih punika ingkang umum, manawi bèbèk, angsa lan kalkun ugi dipunmadhang.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d3/Buffet_Germany.jpg/640px-Buffet_Germany.jpg)
Masakan Jerman gadhah kathah rupa asli sampun adhaptasi sami trèn keséhatan modèrèn lan citarasa kaum imigran.[1] Masakan Jerman dipuntepang ing produk susu, kèju, sosis (Wurst), kuwé-kuwé, pangsit sérta pintén-pintén jénis produk ombenan bir, anggur, ombenan distilasi kados ta Hacker-Pschorr lan Lowenbrau (bir), Asbach Uralt (brandy), Joseph Freiderich (anggur), lan Fuerst Metternich Sekt (sampanye).[1][2][3] Variasi masakan moderen Jerman (neue Küche) ugi dipunaruhi kaliyan masakan asing.[2] tiyang saking Turki lan Italia ingkang dados imigran, nambah raos lan rupa kuliner Jerman kaliyan masakan kas nagara.[2]
kathah jinis masakan Jerman dipunciptaken ing atusan taun lajeng kanggé nyegah bahan panganan ingkang sampun bosok.[3] tuladane inggih punika Sauerkraut, ingkang dipundamel saking kol ingkang dipunfermentasiaken.[3] kanggé ngawetake daging, tiyang Jerman ngerendem ing cuka lan bumbon crakèn, kados ta Sauerbraten.[3]