![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/bf/Noszak.jpg/640px-Noszak.jpg&w=640&q=50)
Noshaq
From Wikipedia, the free encyclopedia
Noshaq inggih punika gunung ingkang paling inggil, ingkang dumunung wonten ing Afghanistan. Gunung punika urutan nomer kalih inggilipun, wonten ing Hindukush. Papanipun wonten ing sisih leripun Pakistan, kaliyan gunung ingkang paling inggil wonten ing Kisaran, Tirich Mir. Gunung punika gadhah ruten ingkang sekeca dipunminggahi. Nalika wonten ing wulan Fèbruari 1973 mangsa dingin, èkspèdhisi saking Polen saged minggah wonten ing gunung punika.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/bf/Noszak.jpg/640px-Noszak.jpg)
- Inggilipun : 24.581 kaki
- Inggilipun : 7592 mèter
- Bawana : Asia
- Nagara : Afganistan
- Rentang / tlatah: Asia tengah
- Rentang/Tlatah : Hindu Kush
- Lintang : 36.43333
- Bujur : 71.9
- Wulan saé kanggé minggah : Juni, Juli, Agustus, September
- Taun kaping satunggal dipunminggahi : 1960
- Paminggah nomer satunggal : Toshiaki Sakai, Goro Iwatsubo saking Ekspedisi jepang
- Papan Anggegana ingkang paling cerak : Peshwar. Pakistan
- Pusat Kutha : Chitral, Pakistan[1]
Noshaq utawi Nowshak minangka puncak ingkang inggilipun urutan kaping kalih wonten Himdu Kush, sabibaripun Tirich Mir ingkang inggilipun 7.690 mèter. Gunung punika papanipun manggèn wonten ing watesanipun antawisipun Afghanistan kaliyan Pakistan. Sisih lèr kaliyan sisih kilèn gunung punika manggèn wonten ing Afganiskan, lan sisih lèr-wetanipun manggèn wonten ing Pakistan. Noshaq minangka gunung ingkang paling inggil wonten ing Afganistan, papanipunmanggen ownten ing garis Durand minangka pratandha watesanipun Pakistan. Akses ingkang paling gampil tumuju dhateng Gunung Noshaq inggih punika liwat Chitral.