Tirich Mir
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tirich Mir inggih punika salah satunggaling puncak saking sewelas puncak. Mir Tirich inggilipun 7.708 mèter, gunung punika minangka gunung ingkang paling inggil ingkang wonten ing pegunungang Hindukush. Gunung punika dipunminggahi nalika taun 1950 déning èkspèdhisi saking Nurwègen ingkang dipunpandegani déning Arne Naess, filsuf saking Nurwègen ingkang misuwur. Anggota èkspèdhisi sanèsipun inggih punika P. Kyem berg kaliyan H.berg.[1] Tirich Mimir ingkang sisih wétan inggilipun 7.692 mèter. Sampun dipunminggahi déning èkspèdhisi Nurwègen langkung rumiyin wonten ing taun 1964. Kalih naggotanipun, inggih punika R. Hoibakk kaliyan A. Opdal saged dumugi puncak Tirich Mir sisih wétan. Tirich Mir ingkang sisih kilèn, ingkang inggilipun 7.500 mèter dipunminggahi nalika taun 1974 déning Beppe Re kaliyan Machetto Guido saking èkspèdhisi Italia. Sabibaripun ngadhegaken base camp, tim ngadhegaken kalih camp tambahan. Piyambakipun sami minggah dhateng pucuking Mmir Tirich supados saged kados Dir Gol, ingkang sadèrèngipun sampun saged minggah wonten ing pucuk ingkang paling inggil. Nalika tanggal 20 Juli 1967, Tirich ingkang sisih kilèn dipunminggahi kanthi rute lèr-kilèn kaliyan ekspedidi ingkang dipunpandegani déning Cekoslowakia Insinyur Vladimir Sedovy. J. Cervinka, I. Galfy, V. Smida kaliyan V.Smida. Urbanovic saged ngantos dumugi puncak. Tirich Mir ingkang sisih kilèn ingkang inggilipun 7.400 ugi naté dipunminggahi déning Groupe de Ski Universitaire Montagne et de Perancis ingkang dipunpandegani déning olèh Guy Lucazeau kaliyan Bernard Amy. Puncak nomer enem Tirich Mir inggih punika ingkang Sisih Kilen IV, inggiulipun 7.338 mèter. Puncak punika naten dipunminggahi déning Kurt Diemberger kaliyan Dietmar Proske kanthi rute sisih lèr. Nalika wekdal punika Diemberge ugi ndamel bunderan dhateng sakiwa-tengenipun Tirich Mir, punika dipun-ginakaken kanggé ngasta medal survei géologi saking laladan. Puncaj sanèsipun ingkang éndah inggih punika Un-noname kanthi inggil 7.100 mèter. Puncak punika papanipun manggèn wonten ing ssih lèr Puncak Tirich Mir ingkang utami. Puncak punika kaping pisan dipunminggahi déning 1965 déning Kurt Diemberger, Herwig Handler kaliyan Fritz Lindner saking Jerman-èkspèdhisi Ostenrik. Nalika wonten ing taun 1969, Tirich Mir ugi dipunminggahi déning èkspèdhisi saking Inggris. Angkatan Darat ingkang dipunpandegani déning Mayor JW Fleming saking Angkatan Darat Inggris.
Tirich Mir | |
---|---|
Titik dhuwur dhéwé | |
Èlevasi | 7,708 m (25,289 ft) Ranked 33rd |
Prominèn | 3,098 m (10,164 ft) Ranked 30th |
Isolasi | 239 kilometres (149 mi) |
Pratélan | Ultra |
Géografi | |
Masalah Lua ing Modhul:Location_map larik 526: Unable to find the specified location map definition: "Module:Location map/data/Pakistan" does not exist.
| |
Location | Pakistan |
Parent range | Hindu Kush |
Panjatan | |
Panjatan pisanan | 1950 |
Rute gampang dhéwé | glacier/snow/ice |