![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/00/Herrenhaustag_MI_Juni_2009_205.jpg/640px-Herrenhaustag_MI_Juni_2009_205.jpg&w=640&q=50)
Méja
From Wikipedia, the free encyclopedia
Méja yaiku prabot omah kang duwé pérangan kang dhatar ing dhuwuré kang dadi daun méja lan duwé sikil méja kanggo nyangga daun méja.[1] Méja kerep dianggo nyimpen barang lan panganan.[1] Méja digawé kanthi dhuwur kang gampang dijangkau nalika lagi lungguh.[1] Méja lumrahé digawé sepasang karo kursi.[1] Méja racaké ora nduwé laci nanging ana uga méja kang nduwé laci kanggo kabutuhan tinamtu kaya ta méja rias.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/00/Herrenhaustag_MI_Juni_2009_205.jpg/640px-Herrenhaustag_MI_Juni_2009_205.jpg)