Microsoft Azure
From Wikipedia, the free encyclopedia
Microsoft Azure, asring sinebat Azure mawon, inggih punika platform komputasi awan ingkang dipun-ngembangaken dening Microsoft. Platform punika nyawisaken manajemen, akses, saha pangembangan aplikasi lan layanan lumantar infrastruktur global-ipun. Platform punika ugi nyawisaken manéka kapabilitas, kalebet software minangka layanan (SaaS), platform minangka layanan (PaaS), lan infrastruktur minangka layanan (IaaS). Microsoft Azure nyengkuyung kathah basa pamrograman, tools, lan frameworks, kalebet piranti lunak lan sistem Microsoft lan pihak ketiga.
Pangembang | Microsoft |
---|---|
Rilis pisanan | Oktober 27, 2008; 15 taun kapungkur (2008-10-27)[1] |
Sistem operasi | Linux, Microsoft Windows, macOS, iOS, Android |
Jenis | Web service, cloud computing |
Lisènsi | Proprietary kanggo platform, MIT License kanggo klien SDKs |
Azure dipunperkenalaken sepisan ing Professional Developers Conference (PDC) wulan Oktober 2008 kanthi kodenama "Project Red Dog".[2] Platform punika dipunluncuraken sacara resmi minangka Windows Azure ing wulan Februari 2010 lan salajengipun dipungantos nami dados Microsoft Azure ing tanggal 25 Maret 2014.[3][4] Microsoft Azure ngginakaken virtualisasi skala ageng ing pusat data Microsoft ing saindhenging donya lan nyawisaken langkung saking 600 layanan.[5]