Mercusuar Iskandariyah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Mercusuar Iskandariah utawi saged dipunsebat Pharos Alexandria (abasa Yunani o Φάρος της Αλεξάνδρειας)) sapunika kaajaiban ingkang kuna wonten dunya.[1] yasan mercusuar ingkang dipundamel nalika abad kaping 3 SM ingkang dipundamel Sostrates saking Knidos wonten ing pulau Pharos [1] ingkang caket kaliyan kutha Iskandariah kuna, Mesir Kuna, Inggilipun kinten-kinten luwih saking 115 mèter kagolong yasan ingkang dipundamel manungsa paling inggil salami atusan taun, ugi dados mercusuar ingkang kapisan wonten ing dunya.[1] Antipater saking Sidon nggolongaken yasan kasebat dados yasan ingkang ajaib wonten ing dunya.[2] Amargi Alexander Agung ninggal dunya, pambangunan saking mercusuar punika dipunlajengaken Ptolemy Soter pangusaha ingkang énggal wonten Mesir.[1]