Alexander Agung (utawi Alexander Agung utawi Iskandar Agung utawi Iskandar Dzulqarnain / Makutha Sungu Kalih) (basa Yunani: Μέγας Ἀλέξανδρος ("Megas Alexandros"), basa Inggris: Alexander the Great) punika satunggaling penakluk asal Makedonia. Alexander dipunlairaken dhateng mrika nalika taun 356 SM. Ramanipun inggih punika Raja Filipus II, raja Makedonia, ingkang ngintun Alexander dhateng satunggaling filsuf misuwur saking Yunani, inggih punika Aristoteles ingkang ngajaraken ngèlmu logika filsafat Yunani. Raja Filipus II séda nalika Alexander taksih yuswa 20 taun lan Alexander lajeng nggantosaken ramanipun wonten ing taun 336 SM. Kalih taun salajengipun Alexander nyerang Pèrsi lan ngawonaken Raja Pèrsi Darius III ing taun 333 SM, lajeng miyaraken ekspansinipun dhateng Suriah lan Irak, lajeng dhateng India, nanging boten siyos amargi para prajuritipun sampun sayah sanget.