Mausoleum Mausolus
From Wikipedia, the free encyclopedia
Mausoleum Maussollos kondhang ugi kaliyan sebatan Mausoleum Halicarnassus amargi wontenipun ing Halicarnassus [1],(abasa Yunani, Μαυσωλεῖον Ἁλικαρνασσεύς, Μαυσωλεῖον τοῦ Ἁλικαρνασσοῦ (Ἀλικαρνασσοῦ)) inggih punika kuburan ingkang dipunyasa watara taun 353 kanthi 350 SM wonten Halicarnassus (Bodrum, sapunika Turki) ingkang dipunyasa kanggé Mausolus, satrap (utawi gurbernur provinsi)[2] wonten andhapipun kakaisaran Pèrsi [3] kaliyan Artemisia II saking Caria, garwanipun.[1]
Mausoleum punika dipunyasa wonten kutha Bodrum, caketipun laut Aegan, wonten kidul-ngulon Turki.[1] Ugi caket kaliyan kuil Artemis.[1]