![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b2/Ac_artemisephesus.jpg/640px-Ac_artemisephesus.jpg&w=640&q=50)
Kuil Artemis
From Wikipedia, the free encyclopedia
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b2/Ac_artemisephesus.jpg/640px-Ac_artemisephesus.jpg)
Kuil Artemis, (abasa Yunani: Ἀρτεμίσιον Artemision, Latin: Artemisium).[1] Sapunika kuil kanggé dewi Artemis ingkang wonten ing tlatah Efesus (sapunika Turki)[2] Yunani kuna[3] dipunyasa laminipun 120 taun[3]. Dawanipun kuil 425 kaki (129 mèter), wonten pinten kolom ingkang nganggé marmerasli.[2][4] dipunyasa nalika dinasti Achaemenid[4] saking kakaisaran Pèrsi.[5] Nembe dados nalika taun 550 sadèrèngipun masehi déning raja nalika amarintah tlatah wau.[6] nanging pinten abad sasampunipun dados, kinten-kintan 200 taun sasampunipun (356 sadèrèngipun masehi)[3], miturut sumber sanès, kuil kasebat dipunyasa kinten-kinten taun 323 SM.[2] kuil kasebat dipunbakar déning tiyang jaler ingkang mados katenaran.[6], tiyang punika namanipun Herostratos ingkang gadhah pepenginan supados dipuneling ngantos salami-laminipun.[3] Kuil kasebat dipunyasa kemalih nalika Alexander Agung sampun ninggal dunya nalika taun 323 SM, namung dipunrusak kemalih déning Goth taun 268 SM.[3] Lajeng, kuil kasebat dipundandosi kemalih déning Efesus (asma tiyang) ugi dipunrusak ingkang pungkasan nalika taun 391 déning sagerombolan tiyang ingkang dipunpimpin kaliyan St John Crysostom.[3] Watu saking kuil Artemis dipundamel yasan sanèsipun, ugi yasan Hagia Sophia wonten tlatah Istambul.[3]
Nalika taun 1900-an kapanggih fragmen ingkang sapunika saged dipunpirsani wonten Britsh Musium, London, Inggris ingkang dipunangsal saking pangerukan.[3] Situs kuil sanèsipun saged dipunpirsani wonten njawinipun Selcuk, Turki utawi mirsani model mini ing Miniatur Park, Istambul.[3] Amargi sapunika kuil mau sampun hancur.[5]
Efesus punika 3 kilomèter pérangan lor kutha Selcuk utawi kintten-kinten 50 kilomèter saking Ä°zmir.[7]