From Wikipedia, the free encyclopedia
Lukas Samuel Garbutt (lair 21 Mei 1993) ya iku pemain bal-balan profésional Inggris sing main minangka bék ing Liga Utama Inggris Everton F.C..
Garbutt ing timnas Inggris U-19 taun 2012 | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Luke Samuel Garbutt | ||
Tanggal lair | 21 Mèi 1993 | ||
Papan lair | Harrogate, Inggris | ||
Dhuwur | 1.79 m (5 ft 10 in)[1] | ||
Posisi main | Left-back | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Everton | ||
Karir nom | |||
2001–2009 | Leeds United | ||
2009–2011 | Everton | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2011– | Everton | 5 | (0) |
2011–2012 | → Cheltenham Town (silihan) | 34 | (2) |
2013–2014 | → Colchester United (silihan) | 19 | (2) |
2015–2016 | → Fulham (silihan) | 25 | (1) |
2016–2017 | → Wigan Athletic (silihan) | 8 | (0) |
Tim nasional‡ | |||
2008 | Inggris U16 | 5 | (0) |
2008–2010 | Inggris U17 | 24 | (3) |
2010 | Inggris U18 | 1 | (0) |
2011–2012 | Inggris U19 | 7 | (0) |
2013–2014 | Inggris U20 | 5 | (0) |
2014–2015 | Inggris U21 | 11 | (0) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 19:45, 31 December 2016 (UTC). |
Lair ing Harrogate, North Yorkshire, Garbutt lumebu ing Harrogate Grammar School ing endi dhèwèké main ing Tim bal-balan Sekolah. Dhèwèké bisa lumebu babak Final Piala Harrogate lan juwara Distrik ing taun 2005. Penampilané kang nengsemi ing klub, agawé dhèwèké dadi inceran tim gedhé. Banjur dhèwèké nggabung ing klub Leeds United ing ngendi dheweke miwiti karir profesional. Ora suwé sawisé iku, dhèwèké banjur menyang Everton ing taun 2009, kanthi biaya kontrak £ 600.000 sing disetujoni déning pengadilan, amarga wektu iku ana klub loro ora bisa setuju karo regané.[2]
Ing mangsa 2012-13, lan ing 29 Agustus 2012, Garbutt nglakoni dhebut ing klub Everton, ing pertandhingan ka-lima, nalika menang ing tandhingan ka-papat ing Piala Liga ing Leyton Orient.[3]
Sadurungé mangsa 2013-14, Garbutt napakasmani kontrak anyar kanggo Everton, sing bakal tekan taun 2015.[4]
Garbutt nglakoni debut Liga Primer kanggo Everton nglawan Southampton ing April [5] lan nerusaké kanthi penampilan sing kapisan kanggo timnas Inggris U-21 nalika menang 3-1 ing kualifikasi Piala Eropa nglawan Wales tanggal 19 Mèi 2014.[6]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.