Leeds United F.C.

From Wikipedia, the free encyclopedia

Leeds United F.C.
Remove ads

Leeds United Association Football Club inggih punika sawijining klub bal-balan saking Inggris ingkang dumunung wonten ing Beeston, Leeds, West Yorkshire. Sadèrèngipun, klub punika sampun nelasaken sapérangan ageng sajarahipun ing tingkat inggil bal-balan Inggris inggih punika Liga Utama Inggris. Klub punika dipunbentuk warsa 1919 ingkang nyusul pembubaran tim sadérnégipun Leeds City FC déning The Football League. Stadionipun inggih punika Elland Road ingkang gadhah kapasitas 39.460 kursi, ingkang sampun dipun-ginakaken wiwit jumenengipun Leeds United.

Sunyata Rikat Jeneng dawa, Paraban ...
Remove ads
Thumb
Stadhion Elland Road Kandhang LUFC

Leeds United inggih punika klub pungkasan ingkang dados juara Liga Sepak Bola Divisi Pertama (Inggris: Football League First Division) Inggris ing mangsa 1991-1992, ingkang lajeng wiwit mangsa 1992-93 dados Liga Utama Inggris (Inggris: Premier League) minangka kompetisi liga profésional Inggris tingkat paling inggil.

Leeds United sampun menangaken piala ing bal-balan Inggris, kalebet 3 gelar liga Inggris (nalika punika taksih kanthi nama Football League First Division), Piala FA lan Piala Liga Inggris. Klub punika ugi naté suksek ing Éropah kanthi menangaken kalih Inter-Cities Fairs Cup (dipun-gantos kaliyan Piala UEFA). Ananing, Leeds dados runner-up, ing Piala Fairs Inter-Cities (1967), Piala Winners UEFA (1973) lan Liga Champions UEFA (1975). Klub punika menangaken mayoritas prestasinipun ing ngandhap manajer Don Revie sadanguning taun 1960-an lan 1970-an.

Werni kostum Leeds United inggih punika pethak. Logo klub sampun éwah kaping wola-wali saperlu modernisasi citra klub. Logo sapunika, nggambaraken White Rose of York lan muni "LUFC", éwadénéé nama klub mau migunakaken "AFC"[2]. Jejuluk klub punika ingkang paling umum inggih punika "The Whites", "United" lan "The Peacocks", nama ingkang pungkasan asalipun saking namastadion inggih punika The Old Peacock Ground[3] sadéréngipun éwah dados Elland Road. Leeds United dipunkenal gadhah pendukung ingkang fanatik. Riset online paling énggal ngindikasikaken bilih punika minangka satunggaling klub bal-balan ing Inggris ingkang paling dipunkenal lan web sitetipun inggih punika salah satunggal ingkang paling asring dipunkunjungi.[4][5]

Remove ads

Sajarah Liga

  • 1920–1924: Divisi 2
  • 1924–1927: Divisi 1
  • 1927–1928: Divisi 2
  • 1928–1931: Divisi 1
  • 1931–1932: Divisi 2
  • 1932–1947: Divisi 1
  • 1947–1956: Divisi 2
  • 1956–1960: Divisi 1
 
  • 1960–1964: Divisi 2
  • 1964–1982: Divisi 1
  • 1982–1990: Divisi 2
  • 1990–1992: Divisi 1
  • 1992–2004: Premier League
  • 2004–2007: Championship
  • 2007–2010: League One
  • 2010 – present: Championship

Prestasi

Domestik

Liga Utama Inggris
  • Winners (3): 1968–69, 1973–74, 1991–92
  • Runners Up (5): 1964–65, 1965–66, 1969– 70, 1970–71, 1971–72
Football League Championship/Divisi 2
  • Winners (3): 1923–24, 1963–64, 1989–90
  • Runners Up (3): 1927–28, 1931–32, 1955–56
Football League One
  • Runners Up (1): 2009–10
Piala FA
  • Winners (1): 1972
  • Runners Up (3): 1965, 1970, 1973
Piala Liga Inggris
  • Winners (1): 1968]
  • Runners Up (1): 1996
FA Charity Shield
  • Winners (2): 1969, 1992
  • Runners Up (1): 1974
Piala FA Youth
  • Winners (2): 1993, 1997

Éropah

Liga Champions UEFA
  • Runners Up (1): 1975
Piala Winners UEFA
  • Runners Up (1): 1973
Inter-Cities Fairs Cup/Liga Éropah UEFA
  • Winners (2): 1968, 1971
  • Runners Up (1): 1967]
Remove ads

Skuat

Tim Utama

Per 3 Agustus 2012 Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain sarjuk karo peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwh saka siji kawarganegaraan.

Katerangan liyané No., Pos. ...

(Note) Simbol † - Menunjukan juru main tersebut masuk dalam pratélan juru main yang akan dijual olèh klub.[6]

Cathetan suku

Loading content...

Pranala njaba

Loading content...
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads