From Wikipedia, the free encyclopedia
Jendral (Purn.) Luhut Binsar Panjaitan (lair ing Simargala, Huta Namora, Kacamatan Silaen, Kabupatèn Toba Samosir, Sumatra Lèr, 28 Sèptèmber 1947; umur 77 taun) inggih punika Mantri Perindhustrian lan Perdagangan Républik Indonésia ing Kabinet Persatuan Nasional.[1] Panjenenganipun punika lulusan ingkang saé piyambak saking Akadhemi Militer Nasional angkatan taun 1970.[1] Sadèrèngipun dipundadosaken mantri, Panjaitan tugas ing Kopassus TNI AD kanthi kalungguhan pungkasan Komandhan kawitan Detasemen 81.[1] Panjenenganipun naté pikantuk bebingah Adimakayasa (bebingah kaurmatan ing Akadhemi Militér).[1] Sasampunipun lulus saking Akadhemi Militér kanthi kalungguhan letnan kalih, panjenenganipun langsung tugas ing Kopassus.[1]
Luhut Binsar Panjaitan | |
---|---|
Mantri Perindustrian lan Perdagangan Indonésia ke-19 | |
Linggih 24 Agustus 2000 – 23 Juli 2001 | |
Présidhèn | Abdurrahman Wahid |
Kang sadurungé | Muhammad Jusuf Kalla |
Kang sawisé | Rini M.S. Suwandi |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Simargala, Huta Namora, Kacamatan Silaen, Kabupatèn Toba Samosir, Sumatra Lèr, Indonésia | Sèptèmber 28, 1947
Bangsa | Indonésia |
Agama | Kristen Protéstan |
Ing Koppasus, Luhut Panjaitan naté njabat dados Komandan Pusat Pendidikan Kopassus ing Batujajar, Bandung.[2] Asisten Operasi ing Markas Kopassus sarta Komandan kapisan Detasemén 81 ingkang sapunika dipunsebat Detasemen Pananggulangan Teror (Gultor) 81.[2] Satunggalipun detasemén ingkang mligi nandhangi masalah téroris.[2] Luhut ingkang yasa detasemén punika wiwit saking nol, nalika Panglima ABRI dipunjabat déning Benny Moerdani.[2] Luhut ugi naté njabat dados Komandan Pusat Kesenjataan Infantri ing Bandung. Nalika njabat Komandan Korém ing Madiun, panjenenganipun pikantuk préstasi minangka Komandan Korem ingkang saé piyambak.[2]
-Kopassus (Komando Pasukan Khusus), -Komandan Pusat Pendidikan Kopassus ing Batujajar, Bandung, -Asisten Operasi ing Markas Kopassus, -Komandan pertama Detasemén 81 (sapunika dipunsebat Detasemén Pananggulangan Teror (Gultor) 81), -Komadan Pusat Kesenjataan Infantri ing Bandung, -Komandan Korem ing Madiun, -Komandan Pendidikan lan Latian TNI Angkatan Darat ing Bandung.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.