From Wikipedia, the free encyclopedia
Muhammad Jusuf Kalla (lair Watampone, Sulawesi Kidul 15 Mèi 1942) iku Wakil Présidhèn Indonésia ing taun 2004-2009 lan 2014-2019. Dhèwèké iku wong Makassar sing uga dadi pangusaha kanthi gendéra Kalla Group, sing duwé manéka jaringan bisnis warna-warna.
M. Jusuf Kalla dadi mantri ing jaman Abdurrahman Wahid (Présidhèn RI angka 4), nanging dilèrènaké amarga dinuga KKN.
Jusuf Kalla diangkat manèh dadi Mantri Koordinator Kesejahteraan Rakyat ing andhahané Megawati Soekarnoputri (Présidhèn RI angka 5). Jusuf Kalla mundur saka dadi mantri amarga sedya nyalon dadi wakil présidhèn, bebarengan karo calon présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.
Kanthi kamenangan sing diranggèh Susilo Bambang Yudhoyono dadi Présidhèn RI angka 6, kanthi mangkono M. Jusuf Kalla uga nyekel panguwasa dadi Wakil Présidhèn RI angka 10. Reruntungan karo Susilo Bambang Yudhoyono, kaloroné dadi Présidhèn dan Wakil Présidhèn RI pisanan sing dipilih langsung déning rakyat.
Dhèwèké uga dadi ketua umum Parté Golkar nggantèkaké Akbar Tanjung wiwit Dhésèmber 2004.
Kalungguhan pulitik | ||
---|---|---|
Didhisiki déning: Rahardi Ramelan |
{{{kalungguhan}}} 1999–2000 |
Diganti déning: Luhut Binsar Pandjaitan |
Didhisiki déning: Basri Hasanuddin |
{{{kalungguhan}}} 2001–2004 |
Diganti déning: Alwi Shihab |
Didhisiki déning: Hamzah Haz |
{{{kalungguhan}}} 2004–2009 |
Diganti déning: Boediono |
Didhisiki déning: Boediono |
{{{kalungguhan}}} 2014–2019 |
Diganti déning: Ma'ruf Amin |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.