From Wikipedia, the free encyclopedia
Lambung (ꦭꦩ꧀ꦧꦸꦁ), iku organ badan sawisé kerongkongan kang gunané kanggo ngalusaké utawa nyerna panganan kang dileg lan nyerep sari utawa nutrisi panganan kang wigati kanggo badan. Ing kéwan kang mamah biak, panganan ing lambungLambung dicampur karo enzim-enzim pancernan, banjur ditokké manèh nuju tutuk kanggo dimamah sapisan manèh.
Lambung dumunung antarané esophagus (kerongkongan) lan duodenum (pérangan wiwitan saka usus alus utawa small intestine). Dunungé ana ing sisih kiwa gronggongan weteng, pérangan ndhuwur lambung tumèmpèl ing diafragmadiafragma. Ing samburiné lambung dumunung pankréas.
Lambung dipérang dadi patang pérangan, sabén pérangan duwé sèl lan fungsi kang béda. Patang Pérangan lambung yaiku:
Cardia | pérangan kang namapa isi lambung saka kerongkongan. |
Fundus | kawangun déning lengkung organ pérangan ndhuwur. |
Corpus Body | pérangan utama. |
Pylorus utawa antrum | pérangan ngisor lambung kang ngothongaké isi lambung menyang usus alus. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.