Usus alus

From Wikipedia, the free encyclopedia

Usus alus

Usus alus utawa usus cilik iku péranganing saluran pancernan sing papané ana ing antarané lambung lan usus gedhé. Usus alus kapérang saka telung pérangan yaiku usus rolas driji (duodenum), usus kosong (jejunum), lan usus panyerepan (ileum). Ing usus rolas driji ana rong muara saluran yaiku saka pankreas lan kantung empedu.

Thumb
Diagram usus alus (kanthi labèl small intestine)

Ènzim

Ing njero usus rolas driji, kaasilaké ènzim saka dhindhing usus. Ènzim mau diperloaké kanggo nyerna panganan kanthi kimiawi:

  • Enterokinase, kanggo ngaktifaké tripsinogen sing diasilaké pankréas;
  • Erepsin utawa dipeptidase, kanggo ngubah dipeptida utawa pepton dadi asem amino;
  • Laktase, ngrubah laktosa dadi glukosa;
  • Maltase, fungsiné ngrubah maltosa dadi glukosa;
  • Disakarase, ngrubah disakarida dadi monosakarida;
  • Peptidase, ngrubah polipeptida dadi asem amino;
  • Lipase, ngrubah trigliserida dadi gliserol lan asem lemak;
  • Sukrase, ngrubah sukrosa dadi fruktosa lan glukosa.

Struktur

Ing njero usus panyerepan (iluem) ana akèh lipetan utawa tekukan sing karan jonjot-jonjot usus (vili). Vili fungsiné miyaraké lumah panyerepan, saéngga panganan bisa kaserep sampurna.

Pancernan

Panganan kang wujud glukosa, asem amino, vitamin, mineral, banyu bakal diserep pembuluh getih kapiler ing vili, lan diangkud nuju ati terus vena porta. Ing njeron ati, sapérangan dat bakal diowah dadi wujud liya lan sapérangan liyané bakal diedharaké ning kabèh pérangan awak.

Éwadéné asem lemak lan gliserol diangkud liwat pembuluh limfa.

Pranala njaba


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.