![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/d/da/Kurma_Awatara.jpg/640px-Kurma_Awatara.jpg&w=640&q=50)
Kurma (Hindu)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wonten ing agama Hindhu, Kurma (basa Sanskerta: कुर्म; Kurma) inggih punika awatara (panjalmaning) déwa Wisnu ingkang angka kalih ingkang awujud bulus raksesa. Awatara punika njalma nalika jaman Satya yuga. Miturut kitab Adiparwa, bulus mau jejuluk Akupa.[1].
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/d/da/Kurma_Awatara.jpg/320px-Kurma_Awatara.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d1/Kurma_Avatar_on_a_brass_chariot_of_Searsole_Rajbari%2C_West_Bengal%2C_India.jpg/640px-Kurma_Avatar_on_a_brass_chariot_of_Searsole_Rajbari%2C_West_Bengal%2C_India.jpg)
Déwa Wisnu, wonten ing inkarnasinipun ingkang angka kalih awujud bulus raksasa, nylametaken donya saking Ksirarnawa nalika para déwa kaliyan raksasa sami pados Amertha. Cariyos ingkang jangkep dipunandharaken wonten ing kitab Adiparwa bab IV.
[2]
Miturut manéka kitab Purana, Wisnu mundhut wujud bulus (kurma) saha ngapung wonten ing lautan susu (Kserasagara utawi Kserarnawa). Wonten ing dhasar laut mau jaréné wonten harta karun saha tirta amerta ingkang saged damel sinten ingkang ngunjuk saged gesang abadi. Para Déwa sarta Asura sami rebutan anggènipun pados tirta amerta. Kangge ngadhuk laut mau, mbetahaken pirantos kaliyan gunung ingkang gadhah nama Mandara dipun-ginakakenn kanggé ngadhuk. Para Déwa saha para Asura ngiket gunung mau kanthi naga Wasuki saha muteraken gunung mau. "Kurma" nopang dhasar gunung mau migunakaken tempurungipun. Déwa Indra nyepeng puncak gunung mau supados boten kaangkat. Sampun sawatawis, tirta amerta saged pinanggih déning para Déwa, sarta dipunpendhet alih déning Déwa Wisnu.[3].
Kurma ugi minangka nama saking salah satunggalin rsi, putra Gretsamada.[4]