Déwa
ana sing nyembah lan disembah dening manungsa / From Wikipedia, the free encyclopedia
Déwa (maskulin) lan Dewi (feminin) yaiku kaanan supra natural kang nguwasani unsur-unsur alam ing kauripan manungsa.[1] Déwa disembah lan dianggep suci lan keramat.[1] Kajaba iku déwa uga dihormati déné manungsa.[1]
Déwa nduwéni warna-warna wujud.[1] Lumrahé déwa awujud manungsa utawa kéwan.[1] Déwa dipercaya urip abadi.[1] Déwa uga duwé kapribaden dhéwé-dhéwé. Déwa duwé émosi, kacerdasan kaya ta manungsa.[1] Fenomena-fenomena alam kaya ta petir, udan, banjir,lan liya-liyané kalebu kadadéan kang aneh kalebu ciriné déwa kang dadi pengatur alam.[1] Déwa uga bisa mènèhi ukuman karo makluk kang luwih asor saka dhèwèké.[1] Déwa-déwa kang dianggep nduwéni kuwasa kang mung sithik disembah kanthi cara lan ubarampé kang prasaja.[2] Para makluk suranatural kang nguwasani unsur-unsur alam utawa aspek-aspek kang ana ing alam lan uripé manungsa kang duwé sipat lanang diarani Déwa déné Dewi yaiku jeneng déwa kang nduwéni jinis kelamin wédok.[2]