![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/10/Kombu.jpg/640px-Kombu.jpg&w=640&q=50)
Kombu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kombu (昆布, Kombu?) utawi konbu inggih punika ganggang sagara (rumput laut) padatanipun saking spesiès Laminaria japonica ingkang dipunkonsumsi déning tiyang ing nagara-nagara Asia Wétan kados Tiongkok, Koréa lan Jepang [1]. Wonten ing Basa Koréa kawéntar kanthi nama dashima utawi haidai (Tionghoa: 海带; Pinyin: Hǎidài). Ing Jepang, kombu dipun-ginakaken wonten ing masakan Jepang minangka bahan dhasar kaldu ingkang dipunwastani dashi, dipunmasak kaliyan janganan lan daging, utawi dipundamel dedhaharan olahan minangka lawuh. Dashi kombu punika kaldu bening ingkang dipunpendhet saking kombu. Kombu dipunsukakaken ing panci ingkang wonten toyanipun, lajeng dipunmasak dumugi umub, kombu dipunangkat, pungkasan toya asil saking godhogan punika sampun siyap dipun-ginakaken [2]. Kombu ingkang taksih mentah dipunsadé kanthi wujud garing mawi ukuran ingkang béda-béda gumantung regi lan kabetahan. Kombu garing ingkang saé piyambak ingkang dipun-ginakaken wonten ing restoran wonten ingkang dipunsadé kanthi wujud lembaran ingkang dawanipun kirang langkung 1 m dumugi 2 m.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Kombu | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Protista |
Dhivisi: | Heterokontophyta |
Klas: | Phaeophyceae |
Ordho: | Laminariales |
Famili: | Laminariaceae |
Génus: | Saccharina |
Spésies: | S. japonica |