![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/3f/Kevin_Sanjaya_Sukamuljo_won_the_2017_All_England_Open.jpg/640px-Kevin_Sanjaya_Sukamuljo_won_the_2017_All_England_Open.jpg&w=640&q=50)
Kevin Sanjaya Sukamuljo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kevin Sanjaya Sukamuljo (lair ing Banyuwangi, 2 Agustus 1995; umur 26 taun).[1] Kèvin yaiku pemain bulutangkis ganda putra lan ganda campuran Indonesia, ananging saiki main ganda putra pasangan karo Marcus Férnaldi Gidéon. Mbok arepa dhèwèké isih padha disebut enom, ananging Kèvin lan Marcus diwedhèni karo musuh-musuhé. Pasangan iki saiki rangking siji sedunia miturut BWF.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/3f/Kevin_Sanjaya_Sukamuljo_won_the_2017_All_England_Open.jpg/320px-Kevin_Sanjaya_Sukamuljo_won_the_2017_All_England_Open.jpg)
Badmintoné iki diwiwiti nalika dhèwèké gabung ana ing klub PB Djarum Kudus, Jawa Tengah taun 2007. Nalika kuwi umuré isih 12 taun. Saya suwé dhèwèké saya apik nalika kerep main ana ing lèvel Internasional. Prèstasiné diwiwiti umur 12 taun nalika mèlu kejuaraan dunia Junior BWF. Dhèwèké wektu iku pasangan karo Masita Mahmudin mung bisa olèh medali pérak. Sawisé kuwi dhèwèké gonta-ganti pasangan ing lèvel Junior Asia lan oleh 2 medali perunggu.
Nalika gabung ana ing grup Sea Games 2015, Kèvin pasangan karo Marcus Férnaldi Gidéon lan dhèwèké karo kanca-kancané isa nyumbang Emas. Sawise kuwi, Kèvin Sanjaya Sukamuljo karo Marcus Férnaldi Gidéon tambah apik terus lan padha diwedhèni musuhé. Ana ing turnamèn kaya ta China Open, India Open, Australia Open pasangan iki oleh juara terus. Gelar paling apik rikala kuwi yaiku isa dadi juara All England 2017 sawisé ngalahké pasangan seka China. Gelar hattricke sing dadi salah siji rékor kanggo dhèwèké.
Sedurunge dhèwèké pasangan karo Marcus Férnaldi Gidéon, dhèwèké tau main ganda campuran pasangan karo Gréysia Polli. Kèvin dadi salah siji pemain sing seneng ngapusi lawané, salah sijiné lewat sèrvis flicke sing kerep nggawé lawane dadi gampang muring. Seka kuwi mau Kèvin uwis olèh akèh gelar. Dhèwèké dadi juara siji sedunia vèrsi BWF nalika umur 22 taun. Kèvin Sanjaya Sukamuljo karo Marcus Férnaldi Gidéon isih kepingin juara terus kaya ta juara dunia lan juara olimpiadé.[2]