![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/50/HiroshimaCastle.jpg/640px-HiroshimaCastle.jpg&w=640&q=50)
Kastil Hiroshima
museum ing Jepang / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kastil Hiroshima (広島城, Hiroshima-jō?) utawi asring dipunsebut astana ikan Koi (鯉城, rijō?) inggih punika nama sawijining astana ingkang mapan wonten ing kutha Hiroshima, Prefektur Hiroshima, Jepang. Astana Hiroshima punika kapisan dipunyasa nalika taun 1589 lan dados pusat kuasaning daimyo wewengkon han Hiroshima. Bom atom ingkang dhawah wonten ing kutha Hiroshima nalika tanggal 6 Agustus 1945 ngrusak sadaya yasan astana. Astana ingkang sapunika wonten ingkang punika replika kabangun nalika taun 1958 lan ginanipun minangka musiyum sajarah Hiroshima periode sadèrèngipun Perang Dunia II. Menara utami ingkang warni ireng kados warna iwak koi utawi paring ing sakiwa tengenipun pura punika kathah iwak koi. Punika ingkang dados alesan bilih Hiroshima kawéntar minangka astana iwak koi. Tim bisbol kebanggaan Hiroshima Toyo Carp amargi carp wonten Basa Inggris punika ateges ulam koi [1].
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/50/HiroshimaCastle.jpg/640px-HiroshimaCastle.jpg)
Astana Hiroshima wiwit dipunyasa nalika abad kaping 16 déning Klan Mori. Nanging bibar risak amargi bom atom ing kutha Hiroshima mau, astana punika banjur dipunyasa malih kanthi ngginakaken beton Ferro lan dumugi sapunika taksih tetep dipertahanaken simbol sajarah kutha punika. Wonten ing astana punika boten namung mirsani kaéndahan yasan gedung lan pemandanganipun, nanging ugi mirsani masa nalika astana dipunyasa, banjur risak awit saking bom atom sekuthu, lajeng dipunyasa malih [2].