Iwak koi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Iwak koi kalebu iwak hias kang akèh sing seneng.[1] Saliyané ngopèni minangka hobi, iwak koi uga bisa didadèkaké bisnis kang apik.[1] Iwak koi asalé saka iwak mas.[1] Iwak iki yaiku iwak nasional nagara Jepang.[1] Ing nagara Jepang iwak koi dianggep iwak Déwa.[1] Ing nagara Jepang koi karan kai kang artiné iwak berwarna.[1] Akèh vèrsi kang ngrembaka ngénani asal mausul koi.[1] Salah sijiné yaiku asalé saka Pèrsi, banjur digawa ing Jepang déning wong Cina ngléwati daratan Cina lan Koréa.[1] Koi saka Jepang pertama kali di eksport marang San Fransisco, Amérikah Sarékat (1938).[1] Bibar iku banjur dikirim marang Hawai (1947), Kanada (1949), lan Brasil (1953).[1] Wondéné lumebu Indonésia ditaksir kira-kira taun 1981-1982 digawa déning Hany Moniaga, hobiis kang manggon ana ing Cipanas, Cianjur, Jawa Barat.[1] Déwéké banjur ngembangaké ternak koi kang jeneng Leon lan Leonny.[1] Nanging layang Bauwarna taun 1898 uga wis nyebutake anane iwak waderkok kang asale saka Cina wis ana ing tanah Jawa kanggo lan maneh sisan diterangake pangupakarane.[2] Majalah Kajawen ing taun 1937 uga nerangake anane iwak waderkok kang diingu mingka klangenan.[3] Dene saka katrangan kang kababar ing kono ora liya maneh kang diarani waderkok yaiku kang saiki kaaran iwak koi.