Kanguru
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kanguru punika salah satunggaling kéwan khas Australia.[2] Kajawi misuwur dados kéwan ingkang lucu, kanguru ugi saged mlumpat nalika pidhah panggènan.[2] Kathah panliti ingkang nliti kénging menapa kanguru mlumpat nalika pindhah panggènan.[2]
Kanguru[1] | |
---|---|
Kanguru Klawu Wétan wadon kaliyan anakipun | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Subklas: | Marsupialia |
Ordho: | Diprotodontia |
Subordho: | Macropodiformes |
Famili: | Macropodidae |
Génus: | Macropus sapérangan |
Spesies | |
Macropus rufus
Macropus giganteus
Macropus fuliginosus
Macropus antilopinus |
Nalika nembé lair, kanguru enèm bobotipun namung setengah gram.[2] Anak kanguru punika manggèn wonten ing kanthong ibunipun kirang langkung sangang wulan.[2] Anak kanguru manggèn wonten ing kanthong ibunipun supados aman saking bebaya.[2]
Kanguru siti gadhah nama Latin Thylogale Brunni.[3] Kanguru siti punika salah setungaling kéwan asli Indonésia.[3] Kanguru siti asalipun saking Papua.[3] Sanajan taksih satunggal kulawarga kaliyan Kanguru Australia, nanging bèntenipun saged dipunpirsani saking ukuran badanipun.[3]
Kanguru siti Papua utawi ingkang limrahipun dipunwastani Lau-Lau déning sing ndunungi, ukuranipun alit.[3] Kanguru siti inggilipun kirang langkung namung 90 cm.[3] Déné bobotipun boten langkung saking 10 kg.[3] Kanthi punika, kanguru siti dados kanguru ingkang paling alit sadonya.[3]
Habitat aslinipun kanguru siti punika wonten ing wana subtropis saha padhang Savana.[3] Kanguru siti punika gadhah sipat ingkang boten mbebayani dhumateng manungsa.[3] Kanguru punika langkung saged dados réncangipun manungsa tinimbang kanguru Australia.[3] Kanguru siti ugi kalebet kéwan ingkang saged cures, amargi habitat kanguru siti punika sangsaya kirang saha kathah kanguru ingkang dipuncepeng.[3] Kanguru ingkang sampun dipuncepengi punika limrahipun lajeng disadé.[3]
Panganan kanguru siti inggih punika ron-ronan, woh-wohan, saha umbi.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.