kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Kabupatèn Kendhal (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑꦼꦤ꧀ꦝꦭ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ کٚنْدَلْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, panggonané ing wewengkon pantura, kutha Kendhal iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.002,23 km2.[1]
Kendhal كَبُڤَتَينْ کٚنْدَلْ ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑꦼꦤ꧀ꦝꦭ꧀ | ||
---|---|---|
Kabupatèn | ||
| ||
Sesanti: Ngesthi Widdhi | ||
Pernahé Kendhal ing Jawa Tengah | ||
Nagara | Indonésia | |
Provinsi | Jawa Tengah | |
Dina Dadi | 28 Juli 1605 | |
Kutha krajan | Kendhal | |
Pamaréntahan | ||
• Bupati | Dr. Mirna Annisa, M.si | |
Laladan | ||
• Gunggung | 1,002,23 km2 (0,38.696 sq mi) | |
Cacah warga (Sensus 2010) | ||
• Gunggung | 900,313 | |
• Pepadhet | 900/km2 (2,300/sq mi) | |
Bebrayan | ||
• Wong | Jawa, Arab, Cina lan liya-liya | |
• Basa | Jawa lan Indonesia | |
• Kepercayan | Islam, Kristen Protestan, Katulik, Hindu, Buddha | |
Zona wektu | WIK (UTC+7) | |
Kodhe laladan | (+62) 294 | |
Situs wèb | www (ing basa Indonésia) |
Asil tetanèn wujud: brambang, bawang, unclang, kenthang, kubis, kembang kol, peté / sawi, wortel, lobak, kacang abang, kacang panjang, cabé, cabé rawit, jamur, tomat, terong, buncis, timun, labu Siem, kangkung, bayem, melon, bengkoang lan semangka.[2].
Jeneng Kendhal dijupuk saka sawijinig wit, yaiku Wit Kendhal. Wit iku wis kawentar wiwit jaman Karajan Demak nalika papréntahané Sultan Trenggono ing taun 1500-1546 M. Nama Kendhal diambil dari nama sebuah pohon yakni Pohon Kendhal.
Kabupatèn Kendhal dumunung ing watarané 109°40'-110°18' Bujur Wétan lan 6°32'-7°24' Lintang Kidul. Wates wewengkon administrasi Kabupatèn Kendhal yaiku:
Jarak paling adoh wewengkon Kabupatèn Kendhal saka kulon mangetan yaiku 40 Km, déné saka lor mangidul adohe 36 Km. Kabupatèn Kendhal duwé amba 1.002,23 Km2 kang dumadi saka 20 Kacamatan kanthi 265 Désa sarta 20 Kalurahan.
Kabupatèn Kendhal dumadi saka 2 (loro) dataran, yaiku dataran cendhèk (pasisir) lan dataran tinggi (pagunungan). Wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan lor minangka laladan dataran cendhèk kanthi dhuwur watarané 0-10 mèter dpl, kang kapérang ing Kacamatan:
Wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan kidul minangka laladan dataran tinggi kang dumadi saka lemah pagunungan kanthi dhuwur watara 10-2.579 mèter dpl, kang kapérang ing Kacamatan:
Wewengkon Kabupatèn Kendhal dumadi saka 2 (loro) laladan dataran, mula kondhisi iku ndadékaké kondhisi iklim wewengkon Kabupatèn Kendhal. Wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan lor didominasi déning laladan dataran cendhèk lan cedhak karo Laut Jawa, mula kondhisi iklim ing laladan kana luwih panas kanthi suhu rata-rata 27 °C. Déné wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan kidul kang minangka laladan pagunungan lan dataran tinggi, kondisi iklim ing panggonan iku luwih adhem kanthi suhu rata-rata 25 °C.
Kabupatèn Kendhal ketata saking 19 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Kendhal yaiku:
Saliyané Kendhal, kutha-kutha kacamatan liyané kang signifikan yaiku Kaliwungu lan Weleri.
Kutha iki ora tau sepi saka urip keislaman. Akèh pesantrén kanthi santri saka pirang-pirang kutha ing pirang-pirang panggonan. Ciri kas kutha iki yaiku akèh wong kang riwa-riwi kanthi nganggo klambi muslim, nganggo sarung lan nganggo panutup surah (peci utawa kerudung) kanthi Kuran utawa kitab-kitan tartamtu ing tangan. Kajaba iku, wacanan ayat-ayat suci Kuran sumadya terus sabendina ing sakabehing pucuking kutha iki.
Kutha paling kulon saka Kabupatèn iki pancèn ora tau sepi saka doltinuku. Kutha iki dadi transit lan ancasé para bakul saka sakabehing panggonan ing Kabupatèn Kendhal nganti tekan salabehing Wewengkon Indonésia. Kanthi fasilitas transportasi (ana 2 terminal lan 1 Stasiun KA) lan fasilitas komunikasi lang luwih jangkep tinimbang kacamatan liyané. Weleri mundhak dadi kutha kang ramé lan gampang kaakses. Kajaba iku, kanthi cara sosial, anané bakul saka Klaten-Sala kang gawé perkampungan mirunggan (Kampung Sala), perkampungan iku dumunung ing dukuh Kedonsari Kalurahan Penyangkringan. Saka prabawa owahan sosial iku ndadèkaké weleri minangka kacamatan kang perkembangan dagang saya rame ditandhani akèhé pasar tradisonal, nganti tekan seprené ana 3 pasar gedhé kang dumunung ing jantung kacamatan weleri.
Kendhal manggon ing jalur pantura kang ramai banget. Angkudan umum antarkota padatan anané bis. Kendhal uga diliwati jalur sepur, ana telung stasiun (Weleri, Kalibodri, lan Kaliwungu) kanthi stasiun gedhé dhéwé ing Weleri. Padatan, sepur jarak jauh ora mandheg ing stasiun-stasiun iki. Déné transportasi sajeroning Kabupatèn Kendhal ana becak, dhokar, grobag, pit, lan montor.
Kabupatèn Kendhal duwé klub bal-balan, yaiku Persik Kendhal kang manggon ing Stadion Bahurekso. Saliyané Stadion Bahurekso, Kendhal uga duwé Stadion Madya. Ulah raga liyané bal-balan padatan nglakoni gladhèn ing Gor Bahurekso. Déné kanggo latihan fitnes, dilakokake ing fitnes center ing Kaliwungu.
Sektor pendidikan ing Kabupatèn Kendhal kapérang saka pirang-pirang macem. Saka pendidikan formal, informal, lan non formal. Arep kebeh Kacamatan duwé sarana lan prasarana pendidikan. Wiyata fomal ing Kabupatèn iki ana atusan TK lan Sekolah Dasar utawa kang sederajat. Samono uga karo SMP utawa kang sederajat, kabèh kacamatan ing kabupatèn iki duwé SMP utawa kang sederajat. Samono uga karo pendidikan menengah. Ing Kabupatèn kendal ing pambuka taun 2008 duwé 30 SMA kang kapérang saka 14 SMA Negeri lan 16 SMA Swasta. Miturut program kang dibuka saka 30 sekolah ana telung sekolah kang duwé program lengkap IPA, IPS lan Basa yaiku: (1) SMA 1 Kendhal, (2) SMA 1 Boja, lan (3) SMA 1 Weleri. Déné pendidikan menengah kejuruan (SMK) ana 22 SMK kang kapérang saka 5 SMK Negeri, 13 SMK Swasta, lan 2 SMK kelas adoh ing Pondok pesantren.
Cacahe penduduk Kabupatèn Kendhal Taun 2004 yaiku 899.211 jiwa, kang kapérang saka 443.974 (49,34%) penduduk lanang lan 455.237 (50,66%) penduduk wadon.
Kabupatèn Kendhal duwé akèh budaya kang asipat tradhisional utawa agamis kaya déné Syawalan Kaliwungu (event iki wis kawenthar nganti tekan sakabehing Pulau Jawa), Sedekah Laut Tanggul Malang, Pista Laut Tawang lan Pasisir Bandengan. Kajaba iku, ana pirang-pirang pasaréan saka paraga-paraga adat utawa penyebar Agama Islam, antarané pasareyane Pangeran Djuminah, Kyai Asyari, Sunan Katong, Paku Wojo kang dumunung ing Kacamatan Kaliwungu, Pasareyane Pangeran Benowo ing Kacamatan Pegandon lan Pasareyane Kyai Seapu ing Kacamatan Boja. Ing Cepiring uga ana pasar cepiring lan akèh warna-warna bakul antarané toko pit BMS kang wiwit dhisik wis ana ing kana.
Putra: Blangkon modhel Mataram mondhol trepes, jebeh nutup talingan. Wusana pérangan dhuwur sarana beskap Sutowijayan (pérangan dhuwur nutup manengen lan tibane lurus mangisor kanthi telung kanthong, pérangan wuri landhung lan ana wilahan ing sisih kiwa lan tengen). Pérangan ngisor sarana nyamping/ kain pasisiran nganggo sabuk, epek timang, nganggo keris/ duwung. Migunakake selop kang katutup.
Putri: Gelungan kas Kendhal, rambut disasak lan dirapikake kaya déné gawé gelungan jawa lan pérangan sisih tengen lan kiwa digawé mepet talingan (tanpa sunggar). Banjur, kanggo gawé gelungane nganggo gelungan Jawa Sala ukuran cilik kanthi telung tusuk konde modhèl lingkar.
Salah siji papan plesiran kang paling misuwur ing Kabupatèn Kendhal yaiku Curug Sewu, iku air terjun telung tingkat dhuwuré 80 mèter, dumunung ing Kacamatan Patean (winatesan karo Kabupatèn Temanggung).
Papan plesiran liyané ing Kabupatèn Kendhal:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.