Kabupatèn Agam
kabupatèn ing Sumatra Kulon, Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kabupatèn Agam iku kabupatèn kang dumunung ing provinsi Sumatra Kulon, Indonésia. Kutha krajané yaiku Lubuk Basung. Ing kabupatèn iki ana Tlaga Maninjau kang misuwur. Kabupatèn Agam duwé jembar wewengkon 2.232,30 km²; lan kang ndunungi watara 500.000 jiwa. Bupati Kabupatèn Agam yaiku Indra Catri kang kapilih kanggo mangsa kalungguhan kaloro ingtaun 2010.
| |||
Sesanti: "Tali Tigo Sapilin" | |||
![]() | |||
Dina Dadi: | 12 Maret 1956 | ||
Kutha krajan: | Lubuk Basung | ||
Bupati: | Indra Catri | ||
Wakil Bupati: | Trinda Farhan Satria | ||
Jembar - Total: |
2.232,30 km² | ||
Kacamatan - Cacahe: |
16 | ||
Padunung - Total: - Kapadhetan: |
459.487 (2011) [1] +/- 205,84/km² | ||
Suku bangsa: | Minangkabau, dll. | ||
Agama: | Islam | ||
Basa: | Basa Indonésia, Basa Minangkabau |
Tembung "agam" dijupuk saka basa Acèh, kang tegesé "lanang", bab iki nuduhaké yèn suku Minangkabau isih duwé ikatan sajarah karo suku Acèh[butuh sitiran].
Nanging miturut Tambo, Agam iku salah siji saka Luhak nan Tuo yaiku Luhak Agam, Luhak Tanah Datar, Luhak 50 Koto. Jeneng Agam dhéwé dijupuk saka tuwuhan mensiang Agam kang tinemu ing saubengé Luhak (sumur)