Basa Acèh minangka péranganing kulawarga Basa Malayo-Polinesia. Basa iki dianggo ing Nanggröe Acèh Darussalam, dominan ing sabagéan gedhé wewengkon kajaba ing Bener Meriah, Acèh Tengah, Gayo Lues, Acèh Tamiang, Acèh Singkil, Acèh Tenggara lan Simeulue. Ana kamèmperan Basa Acèh iki karo Basa Cham lan Bahnar ing Kamboja lan Vietnam.

Sunyata Rikat Acèh, Dituturaké ing ...
Basa Acèh
Acèh
Dituturaké ing Indonésia
Wilayah Acèh, Sumatra
Gunggung panutur 3 yuta
Ranking  ?
Rumpun basa Austronesia
Status resmi
Basa resmi ing ora ana
Regulated by  ?
Kodhe basa
ISO 639-1 ora ana
ISO 639-2 aceCithakan:Infobox Language/SIL14
ISO 639-3 ace

Thumb


Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Tutup

Éjaan

Basa Acèh wis ngalami owah-owahan éjaan makaping kaping, wiwit nganggo Aksara Arab, Aksara Latin éjaan lawas, lan saiki nganggo éjaan kang disampurnakaké.

Ing ngisor iki paugeran éjaané:

  • Ee diwaca kaya aksara "e" sajeroning tembaung "dekat"; conto: le (akèh).
  • Èè diwaca kaya aksara "e" sajeroning tembung "besok"; conto: lè (biyèn).
  • Éé diwaca kaya aksara "e" sajeroning tembung "kuwé"; conto: lé (déning).
  • Ëë ora tinemu padanan sajeroning basa Indonésia.
  • Öö ora tinemu padanan sajeroning basa Indonésia.
  • Ôô diwaca kaya aksara "o" sajeroning tembung "soto", "foto", "tato"; conto: bôh (dèlèh), sôh (tinju), tôh (ngetokaké).
  • Oo diwaca kaya aksara "o" sajeroning tembung "tolong", "kutha"; conto: boh (woh), soh (kothong), toh (endi).

Conto

  • Peu haba? = Piyé kabaré?
  • Haba gèt = Kabar apik.
  • Lôn piké geutanyoë han meureumpok lé = Tak kira kita ora bakal ketemu manèh.
  • Lôn jép ië u mudha = Aku ngombé banyu degan.
  • Agam ngön inong = priya lan wanita
  • Lôn = aku
  • Kah, droë = kowé, panjenengan
  • Han = ora
  • Na = ana
  • Pajôh = makan
  • Jih, dijih, gobnyan = dhèwèké
  • Ceudah that gobnyan = Gantheng banget dhèwèké.
Sunyata Rikat
Wiktionary
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Basa Acèh ing KamusWiki.
Tutup

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.