![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cf/Julie_Estelle_%252829665468002%2529.jpg/640px-Julie_Estelle_%252829665468002%2529.jpg&w=640&q=50)
Julie Estelle
From Wikipedia, the free encyclopedia
Julie Estelle Gasnier (lair ing Jakarta, 4 Januari 1989; umur 35 taun) ya iku model, bintang iklan, lan aktris saka Indonesia, Kariré dimulai saka foto model nuli dilanjutaké maring filem layar lebar.[1] Amarga dhèwèké iku foto model, panampilan Jupe paling heboh ya iku nalika dadi model ning majalah Playboy versi Indonésia.[1]
Julie Estelle | |
---|---|
![]() | |
Lair | Julie Estelle Gasnier (1989-01-04) Januari 4, 1989 (umur 35) Jakarta, Indonesia |
Bangsa | Indonesia |
Pakaryan | Artis, Model |
Taun aktif | 1998 - saiki |
Bojo | Ello |
Pasangan | Cathy Sharon (mbak) |
Wong tuwa | Thierry Gasnier Sri Wulansih |
Munculé majalah kang nyerang pasar kaum diwasa iku, ngundang kontroversial nganti saiki.[1] Salah sijiné, Jupe kudu diseret lan mèlu acara pemeriksanan organisasi sosial kaagamaan.[1]
Amarga dhèwèké uga main dadi bintang filem, adhi kandungé VJ MTV, Cathy Sharon iku, wis mbintangi filem ALEXANDRIA bebarengan karo Fachri Albar lan Marcel Chandrawinata.[1] Sawisé iku dhèwèké mbintangi filem DEALOVA, lan filem kang paling anyaré, filem horror kang diarah karo sutradara Rizal Matovani, kang judhulé KUNTILANAK.[1]
Jupe iku anaké Thierry Gasnier lan Sri Wulansih, pasangan kang keturunan Perancis lan Manado-Cina.[1] Wanita kang tau mlubu nominasi Most Favorite Rising Star MTV liwat filem ALEXANDRIA iki, saiki lagi njalin gayutan karo pembalap nasional Moreno Seoprapto, kang uga adhi saka Ananda Mikola.[1]
Nanging ning taun 2008, gayutan kang dijalin karo Moreno Soeprapto kudu bubar.[1] Bintang filem MACABRE iki nili dikabaraké lagi cedhak karo mantan kekasih Dian Sastrowardoyo, ya iku Abi Yapto.[1] Nanging akiré Jupe mbantah manawa lagi pacaran karo Abi.[1] Dingerteni, saiki dhèwèké lagi njalin kasih karo penyanyi Ello.[2] Bebarengan karo Ello, Jupe wus cedhak karo calon ibu mertuané.[2] Sering main ning layar lebar, anggawe dhèwèké bosen.[1] taun 2010, Jupe wiwit nyoba dunya sinétron.[1] Ora nangung-nangung, dhèwèké langsung main ning sinétron stripping kang judhulé, AMANAH DALAM CINTA.[1]