dedhaharan tradhisional saking Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Jenang sungsum inggih punika salah satunggaling dhedhaharan tradhisional Jawa khas Surakarta.[1] Déné bahan dhasaripun kanggé damel jenang sungsum inggih punika glepung beras. Bahan-bahan sanèsipun kanggé damel jenang ing antawisipun inggih punika sagu, tela, glepung tapioka, saha glepung ketan. Jenang utawi ingkang dipunwastani bubur sungsum punika gadhah manéka warna raosipun. Nanging sadaya raos bubur utawi jenang punika taksih tetep kados raos aslinipun jenang sungsum khas Sala ingkang gurih lan manis. Sedaya raosipun jenang ingkang béda-béda punika pikantuk saking pelengkap jenangipun kados ta, santen klapa utawi gula jawa. Padatanipun, jenang dipuncawisaken mawi pincuk saking ron gedhang ngginakaken suru kanggé cendhok ipun. Jenang sungsum gadhah tekstur lembut saéngga cocog dipundhahar sinten kémawon, saking bayi, tiyang sakit, ugi tiyang sepuh.
Jenang sungsum punika wernanipun putih minangka pralambang resiking manah.[2] Raosipun ingkang legi minangka simbol sejahteraning ngagesang amargi gendhis punika salah satunggaling bahan tetedhan ingkang temtu dipunginakaken wonten ing sadaya jinis dhedhaharan Jawa ingkang reginipun boten patiya mirah. Teksturipun jenang sungsum ingkang kenthel minangka simbol persatuan saha kesatuan, manunggaling gesang pribadi kaliyan Gusti saha gesang pribadi kaliyan sesami.
Bahan-bahan paling wigati kanggé damel jenang sungsum utawi bubur sungsum inggih punika:[3]
Déné bahan-bahan ingkang dipunginakaken kanggé damel duduh bubur sungsum inggih punika [3]
Caranipun damel jenang sungsum inggih punika:[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.