Sepat rawa, Trichogaster trichopterus, utawi asring dipunsebat [sepat (biyasa) inggih punika sajinis iwak saking suku gurami (Osphronemidae). Kados anggotanipun ingkang ukuranipun langkung ageng, sepat siam (T. pectoralis), ulam punika minangka ulam ingkang saged dipuntedha saha dipunremeni masarakat, déné reginipun boten awis. Nanging, kejawi punika ugi wonten manéka warna ingkang ngremenaken kanggé ulam hias wonten ing akuarium.[1].

Thumb
Iwak Sepat
Sunyata Rikat Sepat Rawa, Klasifikasi ngèlmiah ...
Sepat Rawa
Thumb
Sepat Trichogaster trichopterus
dari Prembun, Tambak, Banyumas
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Actinopterygii
Ordho: Perciformes
Famili: Osphronemidae
Génus: Trichogaster
Spésies: T. trichopterus
Jeneng binomial
Trichogaster trichopterus
(Pallas, 1770)
Tutup

Ulam punika kawentar kanthi nama-nama lokal kados ta sepat sawah, sepat jawa, sepat biru, sepat ronggeng (Mly.), sapek (Min.) lan sapiturutipun. Wonten ing dedagangan ulam hias, gumantung saking varietasipun, ulam punika kawentar kanthi nama-nama (Ingg.) kados ta Three spot gourami, Blue gourami, Cosby gourami, Gold gourami, Golden gourami, sarta Opaline gourami[2]

Pemerian

Iwak ingkang awakipun pipih (gepeng) saha moncongipun sempit, dawa maksimalipun dumugi 120mm. Perak buram kebiruan utawi keijonan, kanthi manéka pita miring awerni peteng, sarta bercak cemeng ing sisih tengah saha pucuk buntut.[2] Namanipun ing basa Inggris, Three spot gourami, ngrujuk ing kekalih bintik cemeng mau, katambah kaliyan mata minangka bintik ingkang angka tiga.[3] Sirip buntut berlekuk (berbelah) dangkal, bintik-bintik.

Werni awak iwak mau kathah variasinipun. Rumus sirip dorsal, VI-VIII (jari-jari atos utawi duri) saha 8–9 (jari-jari lunak); saha sirip anal X-XII, 33–38. Gurat sisih cacah 30–40. Dawa standar (tanpa buntut) 2,3–2,5 saking inggil awakipun.[4] Sapasang jari-jari paling ngajeng ing sirip weteng dados piranti peraba ingkang mirib pecut, ingkang dumugi buntut, dipunjangkepi déning sapasang duri saha 2-3 jumbai pendek.[1].

Panyebaran saha ékologi

Sepat rawa nyebar ing Indocina, mliginipun ing lembah Kali Mekong, saha ing Indonesia kilèn, kados ta ing Sumatra, Kalimantan saha Jawa.[2] Sekitar taun 1938, sepat ini dimasukkan ke Danau Tondano dan papan-papan lain di Sulawesi[5]. Antawis taun 1938, sepat punika dipunlebetaken ing Danau Tondano saha papan-papan sanès ing Sulawesi.[5]

Iwak punika urip ing rawa-rawa, tlaga, aliran-aliran tirta ingkang anteng, saha limrahipun lahan teles ing dataran cendhèk kalebet sawah-sawah sarta saluran irigasi. Nalika mangsa banjir, panyebaranipun samsaya jembar wewengkonipun ndhèrèk aliran banjir. Sepat rawa mangsa zooplankton, krustasea alit saha manéka larva gegremet.[6] Nalika mangsa berbiak, iwak lanang yasa sawijining sarang busa saperlu nampung saha njagi tigan-tigan sepat wadon, ingkang dipunjagi kanthi agresif.[7].

Sepat, kados kerabat caketipun, inggih punika tambakan, gurami, betok, saha cupang, kagolong ing salebeteing anak bangsa (subordo) Anabantoidei. Kelompok punika kacirikaken kanthi organ labirin (labyrinth) ing ruwang angsang, ingkang sanget migunani kanggé nyerep oksigèn langsung saking udara. Wontenipun labirin punika ndadosaken iwak-iwak mau saged urip ing papan ingkang oksigenipun minim, kados ta rawa-rawa, sawah lan sanès-sanèsipun.[8]

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.