![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/14/Korea-Buan_County-Iljumun_at_Naesosa_in_Autumn-01.jpg/640px-Korea-Buan_County-Iljumun_at_Naesosa_in_Autumn-01.jpg&w=640&q=50)
Iljumun
From Wikipedia, the free encyclopedia
Iljumun (일주문) ya iku jinis arsitèktur lawang gerbang tradhisional kang digawé kanggo tanda sawijining tlatah peribadatan agama Buda ing Koréa.[1][2] Iljumun digawé kanggo nglambangake wates antarané kuil lan panguripan kadonyan.[1] Gapura jinis iki duwé gerbang kang nglambangake lawang lumebu anuju kesucian kang kabèh pikiran kadonyan kudu ditinggalake.[1] Iljumun luwih kerep tinemu ing lawang gerbang lumebu kuil-kuil Buda ing pagunungan.[1] Akeg-akèhé arsitèktur iljumun digawé kanthi saka loro utawa papat minangka panyangga. yèn dideleng saka sawijining pojokan kaya mbentuk garis tunggal.[1] Atap yasan iljumun dikonstruksekake kanthi kayu kang disusun kanthi sesambungan lan nyangga pérangan gendhèng.[1] Iljumun diwènèhi ornamen warna-warna kaya ta ijo, abang, lan kuning supaya luwih éndah.[3] Teknik pewarnaan iki diarani dancheong.[3]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/14/Korea-Buan_County-Iljumun_at_Naesosa_in_Autumn-01.jpg/640px-Korea-Buan_County-Iljumun_at_Naesosa_in_Autumn-01.jpg)