![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9f/Gyeongbokgung-05.jpg/640px-Gyeongbokgung-05.jpg&w=640&q=50)
Dancheong
From Wikipedia, the free encyclopedia
Dancheong (Koréa: 단청) ya iku kerajinan tradhisional Koréa nalika gawé dekorasi kanthi nglukis yasan lan mènèhi pola-pola supaya éndah.[1][2] Werna-warna kang pinilih ya iku abang, biru, kuning, ijo, ireng lan putih kang dilukisake ing pirang-pirang yasan kang digawé saka kayu, watu, utawa beton.[2]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9f/Gyeongbokgung-05.jpg/640px-Gyeongbokgung-05.jpg)
Ing mangsa Dinasti Joseon (1392-1910), teknik dancheong ngrembaka kanthi rikat ya iku ing pamilihan warna kang sansaya rame.[2] Ana pirang-pirang jinis teknik dancheong dhedhasar bageyaan-pérangan yasan kang dikelir.[2] Sistem gawé pola dibédakaké dadi 4 tipe dhedhasar karakter struktur lan posisi yasan.[2]