From Wikipedia, the free encyclopedia
Gasherbrum III basa Urdu: گاشر برم-3, Cina disederhanakan: 加舒尔布鲁木III峰; tradhisional Cina: 加舒尔布鲁木III峰, pinyin: Jiāshūěrbùlǔmù III fen. Gunung punika minangka pepanggihan antawisipun pucuking Gasherbrum massif saking Baltoro Muztagh, subrange saking karakoram wonten ing watesan antawisipun tlatah sisih lèr Pakistan kaliyan Xianjiang, Cina wonten ing tlatah Baltistan. Gasherbrum III papanipun manggèn wonten ing antawisipun Gasherbrum II kaliyan Gasherbrum IV.[2] Gasherbrum III saged dipunanggep dados subpeak saking Gasherbrum II. Amargi boten saged nglangkungi saking 500 mèter topografi cutoff gunung independen. Gasherbrum III minangka salah satunggaling pucuk ingkang paling tinggi dipunminggahi kaliyan kaping pisan nalika taun 1975, dipunminggahi déning Wanda Rutkiewicz, Alison Chadwick-Onyszkiewicz, Janusz Onyszkiewicz kaliyan Krzysztof Zdzitowiecki, anggota èkspèdhisi Polen.[3] Gasherbrum IV, trekadang ugi dipunsebat minangka puncak ingkang paling éndah wonten ing karakoram. Gunung punika inggilipun 26089 ft / 7952 m.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.