From Wikipedia, the free encyclopedia
Gajah Asia ( Elephas maximus ), kadhangkala dikenal minangka salah sawijining subspèsiès, gajah India, iku salah siji saka telung spèsiès gajah, lan minangka spèsiès gajah mung saka genus Elephas sing isih urip . Kéwan iki minangka kéwan kang gedhé dhèwè ing Asia .[3] Gajah Asia minangka spèsiès sing kaincim amarga papan panggonan lan bedhagan,[4] populasi gajah ing donya antara 41.410 nganti 52.345. Gajah Asia umuré dawa, kanthi umur paling tuwa 86 taun.
Gajah asia[1] | |
---|---|
Bong Su, seekor gajah asia jantan di Kebun Binatang Melbourne | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Proboscidea |
Famili: | Elephantidae |
Génus: | Elephas |
Spésies: | E. maximus |
Jeneng binomial | |
Elephas maximus Linnaeus, 1758 | |
Penyebaran gajah Asia (cokelat — daerah asal, hitam — asal belum jelas) |
kéwan iki akeh didomestikasi lan wis dipigunakaké ana alas ing Asia Kidul lan Asia Kidul-wètan nganti maabad-abad lan uga dipigunakaké kanggo ancas upacara . Sumber sajarah nuduhaké menawa kéwan iki kadhang-kadhang dipigunakaké ana ing sajroné mangsa panén ana ing kagiyatan panggilingan. Gajah liar bisa dipigunakaké kanggo narik wisatawan, nanging kéwan iki bisa ngrisak tetanèn, lan bisa lumebu ing désa-désa kanggo ngrusak kebonan.
Gajah Asia manggon ana pasuketan, alas ijo tropis, alas semi-ijo, alas gugur lembab, alas gugur garing lan alas rimba garing. Kajaba iku uga umume manggon ana ing kebonan, alas sekunder lan semak. Sapérangan jinis papan panggonan gajah dhuwuré bisa tekan 3,000 m (9,800 ft) ndhuwur level sagara.
Ana telu subspèsiès gajah Asia:
Ana ing China, gajah Asia namung katemokaké ana ing prefektur Xishuangbanna, Simao lan Lincangana ing kidul Yunnan. Ana ing Bangladesh, namung ana sabagèyan populasi gajah ana ing Bukit Chittagong.[5]
Gajah iku kéwan sing krepuskular. Dhèwèké digolongaké minangka megafauna lan mangan watara 150 kg (330 lb) pakan tanduran saben dina.[6] dhèwèké padha mangan kabèh tetuwuhan; Angonan (Grazer) uga minangka pamangan wiji-wit (browser) bebarengan. kacathet 112 spesiès tanduran sing beda minangka panganan kanggo kewan kasebut. Sebagéyan gedhé tetanduran saka Malvales, suku polong-polongan, pinang-pinangan, teki-tekian lan biji-bijian .[7] Dhèwèké padha mangan wit (browsing) luwih akèh ing mangsa ketiga, karo kulit wit iku dadi pakanan utama.[8] Dhèwèké padha ngombe paling sethithik sapisan ana ing sedina lan ora tau adoh saka sumber banyu murni. Dhèwèké padha butuh banyu 80-200 liter sedinané. Anak gajah biasane kagabung ana ing komplotan gajah wanita dewasa. Nanging gajah lanang bakal misahaké nalika bocah wis remaja.[9] Pemangsaan macan marang gajah Asia langka lan namung winates kanggo gajah sing isih cilik.[10]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.