Tetuwuhan utawa thethukulan iku ing èlmu Biologi tegesé titah kang kagolong Regnum Plantae, ing antarané: kabèh tetuwuhan mawa pembuluh, kang semu lan kang sajati (lumut ati, lumut, paku-pakuan uga tetuwuhan wewiji). Ing vèrsi taksonomi tetuwuhan tinentu, alga ijo uga kalebu ing karajan (regnum) iki. Tetuwuhan iku jinis titah autotrof kang mupangataké klorofil kanggo komponèn pangowah ènèrgi foton saka cahya srengéngé dadi ènèrgi kimiawi kang wujudé gula. Prosès pangalihan iki diarani prosès fotosintesis. Amarga solahé kang autotrof, tetuwuhan iku ana ing posisi angka siji ing ranté ilèn ènèrgi liwat titah (ranté panganan). Amarga warna ijo dominan banget ing anggota karajan iki, mula jeneng liya kang dianggo yaiku Viridiplantae ("tetuwuhan ijo"). Jeneng liyané yaiku Metaphyta.

Aksara Latin
     
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Divisi ...
Tetuwuhan
Kalamangsa: 520 Ma
O
S
D
C
P
T
K
Pg
N
Kambrium tekan saiki, nanging pirsani teks
Klasifikasi ngèlmiah
Dhomain: Eukaryota
Unranked: Archaeplastida
Karajan: Plantae
Haeckel, 1866[1]
Divisi


Alga ijo

  • Chlorophyta-alga ijo sajati
  • Charophyta-alga ijo mawa karang

Tetuwuhan dharat (Embryophyta)

  • Tetuwuhan dharat ora duwé pambuluh (lumut)
    • Marchantiophyta—lumut ati
    • Anthocerotophyta—lumut (ati) tanduk
    • Bryophyta/Musci—lumut sajati
    • Horneophytopsida
  • Tetuwuhan mawa pambuluh (tracheophyta)
    • Rhyniophyta
    • Zosterophyllophyta
    • Lycopodiophyta—paku kawat
    • Trimerophytophyta
    • Pteridophyta—paku-pakuan lan paku buntut jaran
    • Progymnospermophyta
    • Spermatophyta (tetuwuhan wewiji)
      • Pteridospermatophyta—paku (duwé) wiji
      • Pinophyta—tetuwuhan runjung
      • Cycadophyta—pakis haji lan kerabaté
      • Ginkgophyta—ginkgo
      • Gnetophyta—mlinjo lan kerabaté
      • Magnoliophyta—tetuwuhan ngembang

Nematophytes

Tutup

Klasifikasi tetuwuhan mangsa kapungkur nglebokaké uga kabèh jinis alga lan fungi (kalebu jamur lendhir) minangka anggotané. Kritik-kritik kang muncul sabanjuré agawé fungi dipisahaké saka tetuwuhan. Sanadyan stasioner, fungi asipat saprotrof, olèh ènèrgi saka sisa-sisa bahan organik. Kajaba iku, dhindhing sèl fungi ora kasusun saka bahan kang padha karo tetuwuhan lan malahan mèmper kéwan. Sapérangan gedhé alga banjur wiwit dipisahaké saka kaanggotaan tetuwuhan amarga ora duwé diferensiasi jaringan lan ora ngembangaké klorofil minangka pigmen panangkap ènèrgi.

Panggunaan tèknik-tèknik biologi molekuler marang filogèni tetuwuhan pranyata mènèhi panyengkuyung pamisahan iki.

Dhéfinisi

Nalika sawijining tetuwuhan dikarepaké minangka grup organisme tinamtu utawa taxon, racaké tegesé salah siji konsèp. Panglompokané yaiku:

Katerangan liyané Jeneng, Lingkup ...
Jeneng Lingkup Katrangan
Tetuwuhan dharat, uga ditepungi minangka Embryophyta utawa Metaphyta. Plantae sensu strictissimo Golongan iki kalebu liverworts, hornworts, mosses, lan vascular plant, lan uga fossil plants kang mèmper karo golongan iki.
Green plants – uga ditepungi minangka Viridiplantae, Viridiphyta utawa Chlorobionta Plantae sensu stricto Golongan iki kalebu tetuwuhan dharat plus manéka golongan alga ijo, kalebu stonewort.
Archaeplastida, Plastida utawa Primoplantae Plantae sensu lato Kompok iki kalebu tetuwuhan ijo ig dhuwur plus Rhodophyta (alga abang) lan Glaucophyta (alga glaucophyte).
Tutup

Cara liya yaiku liwat sawijiningcladogram, kang nuduhaké gayutan evolusionèr. Sajarah évolusi tetuwuhan durung ditata kanthi pepak, nanging salah siji kang wis ditampa yaiku.[2] Those which have been called "plants" are in bold.

Archaeplastida 

Glaucophyta (glaucophyte algae) 




Rhodophyta (alga abang) 



Viridiplantae 

Chlorophyta (péranganing alga ijo) 


Streptophyta 

streptophyte algae (péranganing alga ijo) 




Charales (stoneworts, often included 
ing alga ijo) 



land plants utawa embryophytes








groups traditionally called "algae"

Rupa

Watara 350,000 spésies saka tetuwuhan kang ana wektu iki. Taun 2004, watara 287,655 spésies wis ditepungi, ing antarané 258,650 yaiku awujud tetuwuhan ngembang, 16,000 bryophyta, 11,000 pakis lan 8,000 alga ijo.

Katerangan liyané Golongan informal, Jeneng divisi ...
Karagaman tetuwuhan
Golongan informal Jeneng divisi Jeneng umum Cacahing spésies
Ganggang ijo Chlorophyta ganggang ijo (chlorophyta) 3,800 [3]
Charophyta ganggang ijo (desmids & charophytes) 4,000-6,000 [4]
Bryophyta Marchantiophyta liverworts 6,000-8,000 [5]
Anthocerotophyta hornworts 100-200 [6]
Bryophyta mosses 12,000 [7]
Pteridophyta Lycopodiophyta club mosses 1,200 [8]
Pteridophyta ferns, whisk ferns & horsetails 11,000 [8]
Tetuwuhan wewiji Cycadophyta cycads 160 [9]
Ginkgophyta ginkgo 1 [10]
Pinophyta conifers 630 [8]
Gnetophyta gnetophytes 70 [8]
Magnoliophyta flowering plants 258,650 [11]
Tutup

Pirsani uga

Réferènsi

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.