![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c9/2012_BWF_logo.svg/langjv-640px-2012_BWF_logo.svg.png&w=640&q=50)
Federasi Bulu Tangkis Dunia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Federasi Bulu Tangkis Dunia (bahasa Inggris:The Badminton World Federation, disingkat BWF) yaiku organisasi internasional kanggo olahraga bulu tangkis. Organisasi iki didirikakè taun 1934 dadi Federasi Bulu Tangkis Internasional (International Badminton Federation) karo 9 anggota kalebu Kanada, Denmark, Inggris, Prancis, Irlandia, Belanda, Selandia Baru, Skotlandia, dan Wales. Saiki, anggotane nambah tekan 165 asosiasi bulu tangkis negara saka akeh belahan donya. Pertemuan Umum Luarbiyasa sing digelar ing Madrid tanggal 24 September 2006 netepakè jeneng anyar sing digunakake tekan saiki, Badminton World Federation (BWF).[1]
![]() | |
Cekakan | BWF |
---|---|
Pambentukan | 1934 |
Jenis | Federasi olahraga |
Kantor pusat | Kuala Lumpur, Malaysia |
Kaanggotaan | 176 negara anggota |
Presiden | ![]() |
Situs web | http://www.bwfbadminton.org/ |
Kantor pusate ana ing Cheltenham, Inggris Raya saka organisasi iki didirikakè. Ning tanggal 1 Oktober 2005, kantor pusate dipindahake menyang Kuala Lumpur, Malaysia. Presidene saiki yaiku Poul-Erik Høyer Larsen.[2]