![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e2/Demi_Moore_2010_Time_100_Shankbone.jpg/640px-Demi_Moore_2010_Time_100_Shankbone.jpg&w=640&q=50)
Demi Moore
From Wikipedia, the free encyclopedia
Demi Moore (lair 11 Novèmber 1962; umur 61 taun, jeneng asline Demi Gene Guynes) ya iku aktris Amérikah Sarékat, Kariré ora namung dadi aktris, uga dadi bintang model lan prodhuser filem.[1] Debut aktingé diawali nalika dhèwèké main akting dadi Rock Temptress ning filem IT'S NOT A RUMOR taun 1980, lan perané nalika dadi Molly Jensen ning filem kang judhulé GHOST kang diputer taun 1990, pangalaman ning filem iki dadi pangalaman kang melegenda kanggo dhewekié.[1]
Demi Moore | ||||||
---|---|---|---|---|---|---|
![]() | ||||||
Asma wiyosan | Demetria Gene Guynes | |||||
Miyos | (1962-11-11) Novèmber 11, 1962 (umur 61) Roswell, New Mexico, AS | |||||
Pakaryan | aktris | |||||
Taun aktif | 1981—sapunika | |||||
Sisihan | Freddy Moore (1980—1985) Bruce Willis (1987—2000) Ashton Kutcher (2005—2013) | |||||
Yoga | Rumer Willis, (lair 1988) Scout LaRue Willis (lair 1991) Tallulah Belle Willis (lair 1994) | |||||
Tiyang sepuh | Virginia King, Charles Harmon (ayah kandung), Danny Guynes (ayah tiri) | |||||
|
Moore iku bebrayanan karo aktor enom kang jenengé Ashton Kutcher kang duwé umur luwih enom 16 taun saka dhèwèké.[1] Bebrayanan karo Aston Kuther iki parkawinané kang kaping telu, sawisé bebrayanan karo aktor Bruce Willis lan musisi rock Freddy Moore, kanthi cara cerai.[1] Moore lan Kutcher kanthi saiki durung duwé anak, nanging saka parkawinané karo Willis, dhèwèké duwé anak wadon telu.[1]
Ning umuré kaping 48 taun, Moore anggawe filem kang judhulé, MAGIC MIKE.[2] Film iki digarap bareng karo Steven Soderbergh.Kanca kang dadi tokoh baku ning fil iki ya iku Alex Pettyfer kang umuré esih enom.[2] Carita saka filem iki diangkat saka kisah uripé Channing Tatum sadurungé dadi aktor Hollywood.[2] Miturut kisah kang ana, filem mau caritané babagan Channing, kang bakal diperanaké déning Alex Pettyfer.[2] Channing kang tau dadi penari bugil sadurungé dadi aktor ning Hollywood.[2]