Bruce Willis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bruce Willis (lair dengan nama Walter Bruce Willis ing Jerman Barat, 19 Maret 1955; umur 69 taun) dhèwèké aktor Amérikah Sarékat, jeneng kang kondhang ning masarakat ya iku John McClane, jejeneng kang diolih nalika main ning filem Die Hard, dhèwèké iku mantan garwané Demi Moore, Bruce Willis kondhang ning masarakat awit main ning serial TV hit MOONLIGHTING watara taun 1985 nganti taun 1989 lan perané dadi John McClane ning serial filem DIE HARD (filem nalika taun 1988).[1][2]
Bruce Willis | ||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Willis saat penayangan perdana Live Free or Die Hard pada Juni 2007 | ||||||||||||||
Asma wiyosan | Walter Bruce Willis | |||||||||||||
Miyos | (1955-03-19) Maret 19, 1955 (umur 69) Jerman (Markas Militer A.S.) | |||||||||||||
Sisihan | Demi Moore (1987-2000) | |||||||||||||
Yoga | 3; kalebu Rumer Willis (lair 1988) | |||||||||||||
|
Ning akir taun 1990, Willis tau ngrilis album pop-blues, album mau diwènèhi judhul The Return of Bruno, kaya ta single kang dadi andalané ning album mau, Respect Yourself.[2] Ning sajarah pribadiné, Willis tau bebrayanan karo aktris ayu Demi Moore, meski akiré bebrayanan iku gagal, sawisé urip bareng nganti 13 taun suwené, Willis karo Demi Moore akiré cerai ning tanggal 28 Oktober taun 2000.[2]
Sadurungé karo Demi Moore, Willis uga tau njalin gayutan raket karo aktris lan model kang pagaweané ora adoh kaya ta dhèwèké, padha-padha njegur ning dunya hiburan, kenya ayu kang tau dikabaraké raket karo Bruce Willis iku kaya ta aktris Lara Flynn Boyle lan bintang model Maria Bravo Rosado.[2] Sangang taun ditinggal dhèwèkan déning Demi Moore akiré ning taun 2009, Willis meluni mantan bojoné kanggo nikah manèh.[2] Dhèwèké olih panggantiné Demi Moore, nuli tanggal 22 Maret taun 2009, Willis resmi nikah karo pepujaning atiné, ya iku Emma Heming.[2] Pernikahan mau ditindakaké kanthi meriyah ning Turks lan Caicos.[1]