![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/46/RT8-4.jpg/640px-RT8-4.jpg&w=640&q=50)
Crenarchaeota
From Wikipedia, the free encyclopedia
Crenarchaeota ya iku filum kang kalebu domain Archaea.[2] Mikroorganisme kang kalebu filum kasebar ing habitat kang panas banget utawa atis banget kaya ta banyu umub lan banyu es.[2] Kabèh Crenarchaeota kang kasil dikultur nganti seprene minangka mikroorganisme hipertermofil kang urip optimal suhu ing duwure 80 °C lan ing antarané duwé suhu optimum duwure titik didih banyu.[2] Akeh-akèhé Crenarchaeota hipertermofil diisolasi saka lemah panas geotermal lan banyu kang ngedhut sulfur lan sulfida.[3] Lingkungan terestrial, sumber banyu panas kang akèh sulfure, blethok umub, lan lemah kanthi suhu ngancik 100 °C racaké asipat asem banget amarga anané oksidasi biologis H2S lan S0 ngasilaké asem sulfat (H2SO4).[3] Lingkungan kang panas lan kang akèh sulfure mau diarani solfataras, kaya ta kang ana ing Italia, Selandia Baru, lan Taman Nasional Yellowstone, Wyoming, Amérikah Sarékat.[2] Solfataras asipat asem nganti alkali (pH 5-8) utawa asem banget (pH«1) tergantung saka lingkungan geologis ing kiwa-tengené.[2] Mayoritas Crenarchaeota hipertermofil ditemokaka ing laladan nétral atawa kanthi tingkatake keasaman sedang, lan spésies liyané tinemu urip ing sumber banyu panasing njero laut kang diarani hydrothermal vents.[4] Sumber banyu panas ing njero laut suhune luwih tinimbang banui kang ana ing lumah amarga banyu ana ing ngisor tekanan.[4]
Crenarchaeota | |
---|---|
![]() | |
Archaea Sulfolobus diinfeksi virus STSV-1. | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Dhomain: | Archaea |
Karajan: | Crenarchaeota [1] |
Filum: | Crenarchaeota Cavalier-Smith 2002 |
Kelas | |
| |
Sinonim | |
|
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/5c/Thermococcus_gammatolerans.jpg/640px-Thermococcus_gammatolerans.jpg)