Taman Nasional Yellowstone
From Wikipedia, the free encyclopedia
Taman Nasional Yellowstone ingkang dumunung ing Amérika inggih punika taman nasional no 1 ing donya. Wonten panggènan punika taksih wonten fauna alasan lan curug Old Faithful. Wisatawanipun saking pinten-pinten nagari saperlu ningali tetingalan ing curug Old Faithful, ingkang gadhah toya ageng. Sanèsipun wisata curug ingkang wonten ing Taman Yellowstone, wonten papan kanggé dhahar inggih punika Chico Hot Springs Resort & Day Spa lan kanggé nginum anggur abrit, lan dhahar ulam ingkang taksih seger. Taman Nasional Yellowstone dumunung ing wewengkon ingkang wiyar ngantos ing Montana lan Idaho, dipunyasa déning Konggrès AS lan dipunkepyakaken déning Présidhèn Ulysses S. Grant tanggal 1 Maret 1872.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/06/Yellowstone_Geyser_Grotto10.jpg/320px-Yellowstone_Geyser_Grotto10.jpg)