Corona Australis (/[unsupported input]koʊˈroʊnəɒˈstreɪlᵻs/) utawi Corona Austrina (/[unsupported input]koʊˈroʊnəɒˈstraɪnə/)[1] inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang alit ingkang mapan wonten ing langit sisih kidul. Corona Australis inggih saking basa Latin kanggé manukgagak kidul, lan rasi lintang punika inggih pérangan paling kidul saking rasi lintang Corona Borealis. Corona Australis kalebet salah satunggaling saking 48 rasi lintang ingkang dipundhaptar déning Ptolemy, ingkang namung dipunétang pitung lintang,[2] lan rasi lintang punika kalebet 88 rasi lintang modhern.
Corona Australis inggih punika rasi lintang ingkang alit ingkang dipunkiteri déning rasi lintang Sagittarius ing sisih lor, Scorpius ing sisih kulon. Telescopium ing sisih kidul, lan rasi lintang Ara ing sisih kidul radi kulon. Tigang aksara ingkang dipun-ginakaken kanggé nyekak nama rasi lintang punika, ingkang dipunpendhet saking International Astronomic Union ing taun 1922 inggih punika 'CrA'.[3]
Déné wates-watesaning rasi lintang Corona Australis ingkang resmi inggih dipundamel déning Eugène Delporte ing taun 1930, ingakng dipungambaraken wujud poligon kanthi sekawan pérangan. Wonten ing sistem koordinat khatulistiwa, koordinat pas minggahipun mapan wonten ing antawisipun 17j58.3m lan 19j19.0m, kanthi deklinasinipun ing antawispun koordinat −36.77° lan −45.52°.[4] Kanthi gadhah laladan ingkang ambanipun 128 drajat persegi, Corona Australis puncakipun aged dipuntingali ing dalu ing tanggal 30 Juni[5] lan saking ambanipun laladanipun rasi lintang punika mapan wonten ing ranking 80 saking 88 rasi lintang ingkang wonten.[6] Rasi lintang punika namung saged dipuntingali ing garis lintang 53° lor, lan Corona Australis boten saged dipuntingali saking kapuloan Britania amargi papanipun ingkang tebih ing sisih kidul,[7] nanging rasi lintang punika saged dipuntingali saking Éropa Selatan lan ugi saking Amérikah Sarékat pérangan kidul.[8]
Rasi lintang Corona Australis gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 128 drajat persegi lan boten gadhah lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged ipuntingali wonten ing garis lintang antawisipun +40° lan-90° lan badhé katingal ingkang saé piyambak manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Agustus.
Rasi lintang Corona Australis boten gadhah lintang ingkang padhangipun langkung saking sekawan magnitudo. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika ing antawisipun inggih punika kados makaten:
Beta Coronae Australis inggih punika lintang ingkang padhang piyambak wonten ing rasi lintang punika. Beta Coronea Australis inggih gadhah cahya raksasa oranye ingkang gadhah magnitudo 4,11. Alpha Coronae Australis utawi Alphekka Meridiana inggih nama lintang ingkang namung wonten ing rasi lintang punika.
Corona Australis ugi ngewrat sapérangan global kluster lan laladan nebula ingkang narik kawigatosanipun para panaliti. NGC 6541 inggi satunggaling kluster globular ingkang padhang lan amba ingkang tebihipun kirang langkung 15.000 taun cahya saking bumi. Objek punika saged dipuntingali namung setengah badan ong antawisipun theta Coronae Australis lan theta Scorpii.
Falkner, David E. (2011). The Mythology of the Night Sky: An Amateur Astronomer's Guide to the Ancient Greek and Roman Legends. New York, New York: Springer. ISBN978-1-4614-0136-0.
Griffiths, Martin (2012). Planetary Nebulae and How to Observe Them. Springer. ISBN978-1-4614-1781-1.
Makemson, Maud Worcester (1941). The Morning Star Rises: an account of Polynesian astronomy. Yale University Press.
Malin, David; Frew, David J. (1995). Hartung's Astronomical Objects for Southern Telescopes: A Handbook for Amateur Observers. Cambridge, United Kingdom: Cambridge University Press. ISBN978-0-521-55491-6.
Moore, Patrick; Tirion, Wil (1997). Cambridge Guide to Stars and Planets. Cambridge, United Kingdom: Cambridge University Press. ISBN978-0-521-58582-8.
Moore, Patrick (2000). The Data Book of Astronomy. Institute of Physics Publishing. ISBN978-0-7503-0620-1.
Moore, Patrick (2000). Stargazing: Astronomy without a Telescope. Cambridge, United Kingdom: Cambridge University Press. ISBN978-0-521-79445-9.
Moore, Patrick (2005). The Observer's Year: 366 Nights of the Universe. Springer. ISBN978-1-85233-884-8.
Moore, Patrick; Tirion, Wil (2007). Stars and Planets Guide. Princeton, New Jersey: Princeton University Press. ISBN978-0-691-13556-4.
Moore, Patrick; Rees, Robin (2011). Patrick Moore's Data Book of Astronomy. Cambridge University Press. ISBN978-1-139-04070-9.
Motz, Lloyd; Nathanson, Carol (1988). The Constellations. New York City: Doubleday. ISBN978-0-385-17600-2.
Motz, Lloyd; Nathanson, Carol (1991). The Constellations: An Enthusiast's Guide to the Night Sky. London, United Kingdom: Aurum Press. ISBN978-1-85410-088-7.
O'Meara, Stephen James (2002). The Caldwell Objects. Cambridge, United Kingdom: Cambridge University Press. ISBN978-0-521-82796-6.
O'Meara, Stephen James (2011). Deep-Sky Companions: The Secret Deep. Cambridge, United Kingdom: Cambridge University Press. ISBN978-0-521-19876-9.
Porter, Deborah Lynn (1996). From Deluge to Discourse: Myth, History, and the Generation of Chinese Fiction. Albany, New York: SUNY Press. ISBN978-0-7914-3034-7.
Reipurth, Bo, èd. (2008). "The Corona Australis Star Forming Region". Handbook of Star Forming Regions. Vol.II: The Southern Sky. ASP Monograph Publications.
Rogers, J. H. (1998). "Origins of the ancient constellations: I. The Mesopotamian traditions". Journal of the British Astronomical Association. 108 (1): 9–28. Bibcode:1998JBAA..108....9R.
Russell, Henry Norris (Oktober 1922). "The new international symbols for the constellations". Popular Astronomy. 30: 469. Bibcode:1922PA.....30..469R.
Sherrod, P. Clay; Koed, Thomas L. (2003). A Complete Manual of Amateur Astronomy: Tools and Techniques for Astronomical Observations. Courier Dover Publications. ISBN978-0-486-42820-8.
Simpson, Phil (2012). Guidebook to the Constellations: Telescopic Sights, Tales, and Myths. Springer New York. ISBN978-1-4419-6940-8.
Staal, Julius D. W. (1988). The New Patterns in the Sky: Myths and Legends of the Stars. McDonald and Woodward Publishing Company. ISBN978-0-939923-04-5.
Steinicke, Wolfgang (2010). Observing and Cataloging Nebulae and Star Clusters: From Herschel to Dreyer. Cambridge University Press. ISBN978-0-521-19267-5.
Wagman, Morton (2003). Lost Stars: Lost, Missing and Troublesome Stars from the Catalogues of Johannes Bayer, Nicholas Louis de Lacaille, John Flamsteed, and Sundry Others. Blacksburg, VA: The McDonald & Woodward Publishing Company. ISBN978-0-939923-78-6.