From Wikipedia, the free encyclopedia
Ophiuchus (/[unsupported input]ˌɒfiːˈjuːkəs/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang ageng ingkang mapan wonten ing langit ekuator. Nama Ophiuchus asalipun saking basa Yunani Ὀφιοῦχος, ingkang tegesipun pawangula, utawi satunggaling gambaran tiyang ingkang badhé nyekel ula ingkang dipungambaraken saking rasi lintang Serpens. Rasi lintang punika dipundhaptar déning astronom Yunani wonten ing abad kaping kalih. Ophiuchus inggih punika salah satunggaling saking 48 rasi lintang ingkang dipundhaptar déning Ptolemy lan kalebet ugi 88 rasi lintang modhern. Wujudipun rasi lintang punika meh wonten gayutanipun kaliyan rasi lintang Serpentarius (/ˌsɜːrpənˈtɛəriəs/; ugi Anguitenens), inggih punika tembung Latin ingkang gadhah teges sami kaliyan Ophiuchus.
OPHIUCHUS | |
---|---|
Cekakan | Oph |
Genitif | Ophiuchi |
Asensio rekta | 17 |
Deklinasi | −8 |
Area | 948 derajad pesagi (#11th) |
Lintang utama | 10 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 62 |
Lintang mawa planèt | 13 |
Lintang padhang | 5 |
Lintang cedhak | 11 |
Lintang paling padhang | α Oph (Ras Alhague) (2.08m) |
Lintang paling cedhak | Barnard's Star ( tc) |
Obyèk Messier | 7 |
Udan météor | Ophiuchids Northern May Ophiuchids Southern May Ophiuchids Theta Ophiuchids |
Rasi lintang sing wewatesan | Hercules Serpens Libra Scorpius Sagittarius Aquila |
Katon antara lintang +80° lan −80°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi July. ' | |
Ophiuchus mapan wonten ing antawisipun rasi lintang Aquila, Serpens, lan Hercules, ingkang wonten ing sisih lor radi kulon saking galaksi Bimasekti. Déné ing pérangan sisih kidul mapan wonten ing antawisipun rasi lintang Scorpius wonten ing sisih kulon lan rasi lintang Saqittarius wonten ing sisih wétan. Manawi badhé dipuntingali wonten ing belahan langit sisih lor, rasi litnang Ophiuchus badhé katingal saé wonten ing mangsa panas. Rasi lintang Ophiuchus mapan adhep ajeng kaliyan rasi lintang Orion wonten ing langit. Sanajan ta Ophiuchus papanipun ngliwati garis khatulistiwa, nanging papanipun langkung wonten ing sisih kidul. Rasalhague, iggih punika lintang ingkang radi nyolok katingal wonten ing sisih lor, wonten ing garis lintang lor 78° lan boten badhé katingal ing sisih kidul ingkang langkung saking 78° lintang kidul. Konstelasi punika ambanipun ngantos ing sisih kidul wonten ing deklinasi-30°, ingkang dadosaken rasi lintang punika boten saged dipuntingali kanthi jangkep ing sapérangan papan kados ta Anchorage, Reykjavík, lan Helsinki ing sak loripun garis lintang lor 60°. Segmen saking ekliptika ingkang wonten ing Ophiuchus mapan wonten ing sisih kidul saking-20° deklinasi lan ngantos siring lor boten badhé katingal saking garis lintang lor 70°.
Ophiuchus gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 948 drajat persegi lan ngewrat gangsal lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali saking garis lintang +80° lan-80°, lan ingkang saé piyambak dipuntingali ing jam 9 dalu ing sadangunipun sasi Juli. Srengenge ngliwati rasi lintang punika ing antawisipun tanggal 30 Novèmber ngantos 17 Dhésèmber, ingkang punika dadosaken sapérangan astrolog netepaken Ophiuchus dados zodiak ingkang kaping tiga welas. Nanging teteo kemawon, rasi lintang punika boten kalebet dados zodiak ingkang resmi lan sesarengan kalebet wonten ing kulawarga rasi lintang Hercules.[1] Ophiuchus ngewrat kathah lintang-lintang ingkang saged dipuntandhani, ing antawisipun inggih punika:
Ophiuchus ugi ngewrat sapérangan objek langit pérangan lebet, ing antawisipun inggih punika IC 4665, inggih punika kluster kebikak ingkang gadhah anggota 30 lintan, ingkang tebihipun kirang langkung 1.400 taun caya. NGC 6633 inggih punika kluster kebikak sanèsipun ingkang ngewrat 30 lintang, kanthi ukuranipun sak ageng wulan. Kajawi punika ugi wonten M10, M12, M14, M19, M62, lan M107, as well as the nebula IC 4603-4604.[2] NGC 6333 utawi Messier 9 inggih punika kluster global salah satunggaling kluster ingkang paling caket saking pusat galaksi Bimasekti, ingkang tebihipun kirang langkung 25.800 taun cahya saking bumi. NGC 6254 utawi Messier 10 inggih ugi kalebet kluster global ingkang tebihpun 14.300 taun cahya.[3] NGC 6240 inggih punika satunggaling galaksi ultralumous infrared, ingkang maujud saking asiling penggabungan ing antawisipun kalih galaksi ingkang alit-alit.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.