From Wikipedia, the free encyclopedia
Circinus inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang alit lan lemah ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul. Rasi lintang punika sepisanan dipunandharaken ing taun 1756 déning astronom saking Prancis, Nicolas Louis de Lacaille.[1] Circinus inggih saking basa Latin kanggé kompas, ingkang ugi minangka piranti ingkang dipun-ginakaken kanggé nggambar bunderan, lan punika kedahipun saged dipunbédakaken kaliyan rasi lintang Pyxis, rasi lintang punika nggambaraken kompasipun pelaut.
CIRCINUS | |
---|---|
Cekakan | Cir |
Genitif | Circini |
Asensio rekta | 15 |
Deklinasi | −60 |
Area | 93 derajad pesagi (#85th) |
Lintang utama | 3 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 9 |
Lintang mawa planèt | 2 |
Lintang padhang | 0 |
Lintang cedhak | 0 |
Lintang paling padhang | α Cir (3.18m) |
Lintang paling cedhak | α Cir ( tc) |
Obyèk Messier | 0 |
Udan météor | None |
Rasi lintang sing wewatesan | Centaurus Musca Apus Triangulum Australe Norma Lupus |
Katon antara lintang +30° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi June. ' | |
Rasi lintang Circinus gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 93 drajat persegi lan boten ngewrat kathah lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +10° lan-90° lan ingkang saé piyambak dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Juni. Rasi lintang Circinus amargi namung satunggaling rasi lintang ingkang lemah mila namung gadhah satunggal lintang ingkang padhangipun langkung saking sekawan magnitudo.[2] Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika inggih kados makaten:
Rasi lintang Circinus gadhah kalih objek lintang lebet ingkang sampun dipunmangertosi inggih punika Circinus X-1 lan galaksi Circinus. Circinus X-1 inggih punika satunggaling lintang binar sinar X ingkang ngewrat lintang neutron ingkang ngorbit kanthi lintasan reguler ing lintang punika. Tebihipun inggih punika kirang langkung 20.000 taun cahya saking bumi. Galaksi Circinus inggih punika satunggaling galaksi spiral ingkang aktip kanthi tebihipun udakawis 15 milyar taun cahya lan kapanggih ing taun 1975. Circinus inggih taksih kalebet satunggaling kulawarga rasi lintang Lacaille, sesarengan kaliyan rasi lintang Norma, Telescopium, Microscopium, Sculptor, Fornax, Caelum, Horologium, Octans, Mensa, Reticulum, Pictor lan Antlia. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang wonten ing sak kiteripun rasi lintang Circinus inggih punika Centaurus, Musca, Apus, Triangulum Australe, Norma lan Lupus.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.