Charlene Choi
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Charlene Choi (lair tanggal 22 Novèmber 1982 ing British Columbia, ,Kanada) dhèwèké iku aktris lan penyanyi saka Hong Kong.[1] Dhèwèké salah siji saka anggota kelompok Cantopop Twins, bareng karo Gillian Chung, Choi lair ing kutha Vancouver, Kanada.[1] Banjur pirang taun kapungkur, dhèwèké lan keluargané pindah ning Hong Kong.[1] Ora namung pinter nyanyi dhèwèké nguwasani rong basa ya iku basa Kanton lan Mandarin.[1] sadurungé dadi model, Choi sempet sinau ana ing institusi, Rosaryhill School.[1] sawisé lulus saka Rosaryhill School, dhèwèké banjur ngawiti nyambut gawé dadi model ning Hong Kong.[1] Ning donya permodelan dhèwèké sinau karo Kaisar Entertainment Group (EEG), Banjur dipasangaké karo Gillian Chung kanggo mbentuk kelompok Cantopop Twins.[1]
Charlene Choi | ||||||
---|---|---|---|---|---|---|
Choi in 2007 | ||||||
Jeneng Cina | 蔡卓妍 | |||||
Pinyin | Cài Zhuóyán (Mandarin) | |||||
Jyutping | Coi3 Coek3-jin4 (Kanton) | |||||
Leluhur | Dongguan, Guangdong, Cina | |||||
Asal | Hong Kong | |||||
Jeneng liya | Ah Sa, Sasa | |||||
Pakaryan | Panyanyi, aktris | |||||
Genre | Cantopop | |||||
Instrumen | Piano | |||||
Voice type(s) | Alto | |||||
Label(s) | Emperor Entertainment Group | |||||
Taun aktif | 2001–saiki | |||||
Associated acts | Twins | |||||
Jeneng pasangan | Ronald Cheng (2006-2010) | |||||
Kanca | William Chan (2010-) | |||||
Situs resmi | www.eegmusic.com | |||||
|
Saliyané sukses ing babagan musik, Choi uga dadi aktris kang sukses ing indhustri per-filem-an Hong Kong.[1] saka donya filem, Choi main karo bintang-bintang gedhé kaya Andy Lau, Eason Chan, Jay Chou, Mike He, Wu Chun lan Nicholas Tse.[1] Ning kesibukané nyanyi lan main filem dhèwèké uga sempet nulis artikel kang isiné napak tilas kariré ana ing donya akting.[1]
Saliyané aktif ning donya musik lan entertainment, Choi uga aktif ing pirang-pirang kagiyatan sosial.[1] Dhèwèké aktif ing Yayasan Make-A-Wish kang ndedikasiké kegiatané kanggo mbantu anak-anak kang ngidap lelara berat.[1] Choi uga sempat dadi duta amal kanggo kurban kelaparan ing kawitani sasi Fèbruari 2009.[1]
21 Januari 2010, Personel grup musik Twins, Gillian Chung lan Charlene Choi ketok rukun wektu gabung manèh ana ning video greeting kanggo cinematographer kondhang Hong Kong, Wing Shya.[2] kaloroné mau, nggabung karo penulis naskah Tony Chan kanggo acara komedi romantic, HOT SUMMER DAYS.[2]
Tampil duet penyanyi kang nduwené suwara apik-apik iki nandani yèn kawitané ketemu sawisé Twins bubar ana ing taun 2007.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.