![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/15/Katsuwonus_pelamis.jpg/640px-Katsuwonus_pelamis.jpg&w=640&q=50)
Cakalang
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ulam cakalang utawi Katsuwonus pelamis punika ulam kanthi ukuran sedeng saking familia Scombridae (tuna) [1]. Ulam cakalang punika satunggaling ulam spésies saking génus Katsuwonus. Cakalang ingkang paling ageng, dawanipun awak ngantos dumugi 1 mèter kanthi bobot langkung saking 18 kg. Nama sanès saking ulam cakalang inggih punika cakalan, cakang, kausa, kambojo, karamojo, turingan lan wonten ugi ingkang mastani ulam tongkol. Wonten ing Basa Inggris kawentar kanthi nama skipjack tuna.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Iwak Cakalang | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Perciformes |
Famili: | Scombridae |
Génus: | Katsuwonus Kishinouye, 1915 |
Spésies: | K. pelamis |
Jeneng binomial | |
Katsuwonus pelamis (Linnaeus, 1758) | |
Ulam cakalang kalebet jinising ulam perenang rikat lan gadhah sipat managan ingkang rakus. Ulam jinis punika asring damel gerombolan ingkang sesarengan nglampahi ruaya ing kiwa-tengené pulo utawi jarak ingkang tebih lan remen ngalawan arus toya. Ulam cakalang saged damel gerombolan ing perairan pelagis kanthi jeronipun dumugi 200 m. Ulam punika pados panganan dhedhasar paningal lan rakus dhateng mangsanipun [2].