![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f7/Borax_crystals.jpg/640px-Borax_crystals.jpg&w=640&q=50)
Boraks
Senyawa Kimia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Boraks (IPA: /bləŋ/) ya iku campuran garam mineral konsèntrasi dhuwur kang dianggo nalika nggawé panganan tradhisional. Kaya ta karak lan gendar.[2] Boraks uga diarani natrium biborat, natrium piroborat, natrium tetraborat.[2]
Borax | |
---|---|
![]() | |
![]() | |
Sodium tetraborate
decahydrate | |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [1303-96-4] |
Nomer EINECS | 215-540-4 |
SMILES | [Na+].[Na+].[O-]B1OB2OB([O-])OB(O1)O2.O.O.O.O.O.O.O.O.O.O |
InChI | 1/B4O7.2Na.10H2O/c5-1-7-3-9-2(6)10-4(8-1)11-3;;;;;;;;;;;;/h;;;10*1H2/q-2;2*+1;;;;;;;;;; |
Sifat | |
Rumus molekul | Na2B4O7·10H2O or Na2[B4O5(OH)4]·8H2O |
Massa molar | 381.37 (decahydrate) |
Panampilan | white solid |
Densitas | 1.73 g/cm³ (solid) |
Titik leleh |
743 °C (anhydrous) [1] |
Titik umob |
1575 °C |
Senyawa kagandhèng | |
Anion liyané | Sodium aluminate; sodium gallate |
Kation liyané | Potassium tetraborate |
Senyawa kagandhèng | Boric acid, sodium perborate |
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/88/Natriumtetraboraat.png/320px-Natriumtetraboraat.png)
Bleng ya iku wangun kang ora murni saka boraks, nanging asem borat murni kang digawé indhustri farmasi luwih iki kang diarani boraks.[2] Ing indhustri, boraks dadi bahan soldèr, bahan kanggo ngresiki, bahan kanggo ngawètaké kayu, antisèptik kayu, lan kanggo matèni coro.[2] Ing wanguné kang ora murni, boraks wis digawé wiwit taun 1700 ing Indonésia.[2] Boraks jinis iki wanguné awujud banyu bleng.[2] Bleng lumrahé diasilaké saka ladhang uyah utawa kawah endhut (kaya ta ing Bledug Kuwu, Jawa Tengah).[2]